Minggu, 28 Desember 2014

Pawayangan



BIMA SUCI
Bima putra Kunti arep goleki artine urip ,supaya urip ing donya bisa ayem ,tentrem, lan sahaja. Bima ngadep gurune yaiku pendeta Durna  ,jalok pamanggih kepiye carane supaya bisa nemokake sing dadi kekarepane iku. Durna menehi tugas dening Bima supaya anggoleki banyu Tirta Perwitasari yen arep nemokake kekarepanne.
Manut titah pendeta Durna ,Bima lunga goleki Tirta Perwitasari. Wektu goleki banyu kauripan iku, Bima tumuju Wana Tikbrasara sing dumunung ing gunung Reksa Muka. Ing wana iki ,Bima dialang-alangi karo raksasa loro jenenge yaiku raksasa Rukmuka lan Rukmakala. Sawise ngadu kasekten, Bima bisa ngalahake raksasa loro mau sing sejatine jelmaan saka Bathara Indra lan Bathara Bayu.
Supaya bisa intuk inti sari ngelmu sejati ,Bima kudu nglakoni tapa ing Wana Tikbrasara lan ana ing Gunung Reksa Muka. Supaya bisa tekan titik dadi siji mripat batin ing jero tapa, Bima kudu mateni raksasa Rukmuka sing lambangake kamukten lan Rukmakala sing lambangake kamulyan ing kauripan donya saka alam pamikiran.
Cariyos lanjut, Bima ngerti yen banyu perwitasari ora mapan ing wana Tikbrasara sing ana ing Gunung Reksamuka, nanging ing dasar samodra. Bima langsung lunga menyang samodra.  Sadurunge Bima tekan pesisir samodra , Bima dialang-alangi denging pandawa liyane yaiku Puntadewa ,Arjuna ,Nakula ,lan Sadewa. Nanging sebab kesentosaan jiwane,Bima tetap mlebu tumuju jeroning samodra.Sawise tekan ing titik tengah samodra, Bima tarung kaliyan naga lan kasil mateni naga iku.
Akeh rintangan sing dilewati Bima, sing akhire bisa dilewati Bima lan dheweke bisa nyelam ing dasar samodra. Ing kono , Bima ketemu karo Dewaruci . Dewa sing arupa awake Bima nanging ukurane cilik. Bima mlebu ning jero awake Dewaruci saka kuping kiwane Dewaruci. Ing jero jasad Dewa Ruci, Bima bisa ngeti kabeh isine donya. Sawise tapa karo nutup kabeh panca indrane, ngatur mlebu-metune napas,lan nyatokake cipta,rasa lan karsa , Bima nerima terang batin ing manunggaling kawula-Gusti. Kemanunggalan iki sing bisa dadekake Bima mampu ngeti urip sejati. Mati sakjroning urip, urip sakjroning mati. 

Kamis, 25 Desember 2014

parikan



Nadiya
Nggawa takir isi gule, mangan kupat
lawuh babat
aja mikir awake dhewe, delengen rakyat
kang mlarat

jam papat wis nyumet kompor, masak
apene nyarap
pejabat ojo dadi koruptor, sithik-sithik
njaluk disuap

kursi goyang sikile papat, nek berjuang
ojo golek pangkat
numpak dokar menyang Bekasi, nek
berjuang kudu wani mati

Selasa, 23 Desember 2014

perbandingan kamus jawa kuna dan jawa lama



akaŋ
Kakak laki-laki
Akang
Kesel, sajah
akar
Khusus berkhasiat sebagai  obat
Akar
Ojod (ojodan)
ākāra
Huruf, bentuk
Akara
aksara
ākāsa
Langit, angkasa
Akasa
Langit, awang-awang
akèn
Seperti, seakan-akan
Akèn
akon
Aki
kaki
Aki
kaki-kaki
aksa
Dadu untuk berjudi
Aksa
mata
aksara
Huruf, suku kata
Aksara
Toelisan, gambaring swara
aksi
mata
Aksi
mata
Ala
sisi
Ala
Awon, ora betjik
alah
kalah
Alah
kalah
alam
Dikeadan tak sadar
Alam
Djagat, donja
alas
hutan
Alas
Gedè banget
Ali
Kumbang hitam besar, cincin
Ali
ahli
Ali-ali
cincin
Ali-ali
Golangan,rerengganing dridji
Alib
besar
Alib
Wewenang, ngoendoeh
Alih
Pindah ke tempat lain
Alih
Idjolan enggon
alpa
Kecil nilainya
Alpa
setitik
amara
Tidak akan mati
Amara
Loepoet ing pati
amba
luas
Amba
djembar
amban
amba
amban
Rendet, tamban
ambawaŋ
Sejenis mangga
ambawang
pakél
ambèk
Suasana hati
ambèk
Karo, ambi
ambèt
kelenturan
Ambèt
amboe
ambuda
awan
amboeda
mendoeng