Kamis, 11 Desember 2014

Homonim & Homograf



Homonim & Homograf Basa Jawa

                                             HOMONIM
1.asma tegese :a. jeneng, nama
b. lara napas/mengi
2.beton tegese: a. isi nangka
b. cor-coran semen, watu, krikil lan gesik
3.bledug tegese: a. anak gajah
b. lebu sing katut angin
4.catur tegese: a. papat
b. gunem, omong
c. arane permainan
5.enggal tegese: a. cepet, gelis age-age, ndhang
b. anyar
6.golek tegese: a. araning wayang kayu/ boneka saka kayu
b. ngupadi, ngupaya
7.jumeneng tegese a. ngadeg
b. dadi, madeg
8.kala tegese a. jaring
b. nalika, ndhek, wektu, wayah
9.kalong tegese a. suda
b. araning kewan kang saba bengi bangsane lawa
10.kedalon tegese a. kewengen
b. kematengen tumprp woh-wohan
11.krama tegese a. rabi, omah-omah
b. aturan
12.labuh tegese a. araning mangsa sawise ketiga dadi rendheng
b. minggir/mandheg tumpraping prahu
13.mundhut tegese a. tuku
b. njupuk
14.ngasta tegese a. mulang
b. nggawa
15.ngelih tegese a. luwe, weteng kosong
b. mindhah
16.ngukur tegese a. ngilangi rasa gatel nganggo kuku
b. arep ngerti dawane utawa ambane
17.sepet tegese a. arane rasa
b. kulit klapa
18.sekar tegese a. tembang
b. kembang
19.serat tegese a. layang
b. garis/ototing kayu
20.sura tegese a. araning sasi jawa
b. wani kendel
21.timur tegese a. enom, muda
b. wetan
22.wani tegese a. ora wedi, gelem
b. nantang
23.waja tegese a. untu
b. araning wesi
24.wayah tegese a. putu
b. wektu, mangsa
25.weling tegese a. araning ula
b. wekas
26.peso tegese a.peso alat ngo motong
b.mata uang
27.papan tegese a.papan kayu
b.panggonan
28.surya tegese a.merk rokok
b,srengngenge
29.tabuh tegese a.wektu
  b.mukul, nutuk                  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar