Minggu, 14 Desember 2014

Ringkasan Cerkak



Ringkasan Crita Cerkak
ANA PILIHAN LIYA
Dening Supriyadi
            Nalika iku Ranti bocah TK diaruh-aruhi Parman guru kelas papat,nanging Ranti keweden marang Parman ,wajahe pucet.Banjur ibune Ranti yaiku Rina nyedaki anake lan nenangake Ranti,bel pratanda wulangan bakal diwiwiti muni banjur Ranti mlebu kelas,Rina lan Marni uga melu mlebu ngetutake anak-anake .Rina lan Marni padha guneman mbahas babagan genea Ranti bisa wedi kaliyan Parman sing sejatine bapak kandunge dhewe.
Ing kunu Rina critaake babagan genea Ranti bisa wedi kaliyan Parman,lan Rina uga crita bab kauripan kaluwargane kala biyen rikala dheweke isih rukun karo Parman sadurunge pisahan karo Parman.Biyen sikap tindhak-tandhuke Parman iku welas asih,setya,alus,gemati ora mara tangan karo bojo,nanging setahun kepungkur ora ngerti sebab musababe sifat iku malih ,Parman dadi kasar lan mara tangan.
            Setahun kepungkur nalika saiki Ranti mlebu sekolah TK sifate Parman aneh,saiki sifate dheweke alus maneh,gemati.Marni ngomong karo Rina apa biyen iku Parman diguna-guna marang gendhakane lan saiki wis ilang guna-gunane,nanging Rina tetap mikir positife.Nalika Marni lan Rina isih sapejagong Parman sing pinuju mulang kelas papat metu saka ruangan .Samurup Marni lan Rina rembugan ,Parman banjur nyedak .Parman wiwiti jagongan karo Rina ,Marni nglungani supaya menehi wektu kanggo wong loro iku.
            Parman takon marang Rina sebab musabab genea Ranti kok kaweden kaliyan dheweke, apa Ranti ora gelem ngakoni yen Parman iku bapake,Rina mangsuli ora ngerti bab iku. Parman ngakoni yen luput lan dheweke mbujuk Rina supaya gelem rujuk kaliyan dheweke.Wektu iku bel mulih muni Ranti nyedak ibuke kanthi wajah pucet amarga wedi karo Parman.Banjur Ranti ngajak mulih ibuke,Parman mbujuk Ranti supaya gelem digendhong nanging Ranti sansaya wedi lan nangis jerit-jerit.
            Parman nggandheng tangane Rina supaya gelem dijak rujuk nanging Rina emoh lan ngomong jaluk pangestu wae yen dheweke bakal pindah menyang Temanggung,Rina bakal nikah karo Gunawan ing Temanggung.Dumadakan Parman kaget langsung meneng krungu omongan terakhire Rina iku mau.Parman mung nyesel lan jaluk ngapura marang Rina lan anake.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar