BIMA SUCI
Bima putra Kunti arep goleki artine urip
,supaya urip ing donya bisa ayem
,tentrem, lan sahaja. Bima ngadep gurune yaiku pendeta Durna ,jalok pamanggih kepiye carane supaya bisa nemokake
sing dadi kekarepane iku.
Durna menehi tugas dening Bima supaya anggoleki banyu Tirta Perwitasari yen
arep nemokake kekarepanne.
Manut titah pendeta Durna ,Bima lunga goleki Tirta Perwitasari. Wektu goleki banyu kauripan iku,
Bima tumuju Wana Tikbrasara sing dumunung ing gunung Reksa Muka.
Ing wana iki
,Bima dialang-alangi karo raksasa loro jenenge yaiku raksasa Rukmuka lan Rukmakala.
Sawise ngadu kasekten, Bima bisa ngalahake raksasa loro mau sing sejatine jelmaan saka Bathara Indra lan Bathara Bayu.
Supaya bisa intuk inti sari ngelmu sejati
,Bima kudu nglakoni tapa ing Wana Tikbrasara lan ana ing Gunung Reksa Muka. Supaya bisa tekan titik dadi
siji mripat batin ing jero tapa, Bima kudu mateni raksasa Rukmuka sing
lambangake kamukten lan Rukmakala sing lambangake kamulyan ing kauripan donya
saka alam pamikiran.
Cariyos lanjut, Bima ngerti yen banyu perwitasari ora mapan ing wana
Tikbrasara sing ana ing Gunung Reksamuka, nanging ing dasar samodra. Bima
langsung lunga menyang samodra. Sadurunge
Bima tekan pesisir samodra , Bima dialang-alangi denging pandawa liyane yaiku
Puntadewa ,Arjuna ,Nakula ,lan Sadewa. Nanging sebab kesentosaan jiwane,Bima
tetap mlebu tumuju jeroning samodra.Sawise tekan ing titik tengah samodra, Bima
tarung kaliyan naga lan kasil mateni naga iku.
Akeh rintangan sing dilewati Bima, sing akhire bisa dilewati Bima lan
dheweke bisa nyelam ing dasar samodra. Ing kono , Bima ketemu karo Dewaruci .
Dewa sing arupa awake Bima nanging ukurane cilik. Bima mlebu ning jero awake
Dewaruci saka kuping kiwane Dewaruci. Ing jero jasad Dewa Ruci, Bima bisa ngeti
kabeh isine donya. Sawise tapa karo nutup kabeh panca indrane, ngatur
mlebu-metune napas,lan nyatokake cipta,rasa lan karsa , Bima nerima terang
batin ing manunggaling kawula-Gusti. Kemanunggalan iki sing bisa dadekake Bima
mampu ngeti urip sejati. Mati sakjroning urip, urip sakjroning mati.