Minggu, 30 November 2014

Alur novel Tunggak-tunggak Jati

Alur ing Novel Tunggak-tunggak Jati

1.      Insinyur muda
Wonten gubug ing sajroning alas jati ingkang gundhul. Ing ngriku kawontenan insinyur Karmodo.
Saweg ngentosi setnggaling tiyang, tiyang ingkang tenggo menika teka ngangge montor ingkang naminipun Kaudin kepala mandher wonten daerah mriku. Sedaya tiyang wau ngrembag babagan tetaneman lan pengelolaan lemah bekas alas gundhul menika kangge warga dinas. Wonten tiyang cina Tan Bian Biau medal saka oto Holden, ingkang disusul dening mandor Lauri. Ningali Tan Bain Biau Ir. Karmodo mlebet dhateng gubug lan tiyang cina menika mboten yakin nggenipun Karmodo menika insinyur muda ingkang panguasa tanah babatan menika. Karmodo matur anggenipun petak ingkang dereng dipun tanemi menika gadhahane Tan Bian Biau, lan petak ingkang sampun ditanem menika gadhahane Karmodo piyambak. Ananging Tan Bian Biau mboten saruju anggenipun Karmodo nyampuri urusanipun, sesampunipun Karmodo lajeng wangsul.
Mandhor Lauri ngendika dhaten Tan Bian Biau menawi Ir. Karmodo menika luwih kuasa tinimbang kancanipun.Lajeng Tan Bian Biau ngraosaken tumindhak ala rumiyin menika lepat.

2.      Tunggak Jarak Mrajak
Samdumuginipun dhateng  griya Tan Bian Biau madosi putrinipun, yaiku Lien Nio kangge ngedeki Karmodo. Tan Bian Biau ingkang mboten nyarujuki anggenipun Lien Nio kaliyan Ir. Karmodo, nanging seniki dipun restuni kangge mundhut petak ingkang dikuasani dening Ir. Karmodo.Lien Nio mboten ngawigatosaken bapakipun lajeng madosi Siau yung adhi Lien Nio kangge mbiyantu.Lien Nio kraos sedhih amargi wedi anggenipun Ir. Karmodo bakal tresna marang adhinipun.

3.      Ati Lanang
Satekane Ir. Karmodo ing kalidawir, panjenengane dados perhatian dening tiyang sanes.Ir. Karmodo menika putra saking Pak Karsonto, putranipun abdi dalem ingkang kesah salawas 10 warsa.Lajeng panjenengane kondur kaliyan mbeto pangkat yaiku insinyur ingkang kasa. Bapak lan Ibunipun saweg aweh pitutur kanggo Karsini, menika putra kaping kalih anggenipun mboten saruju Krsini mbojo kaliyan tiyang cina yaiku Ing Liem. Anggenipun Karmodo piyambak mboten nglarang anggone Karsono mbojo kaliyan Ing Liem, merga Karmodo uga bakal mbantah anggenipun tiyang sepuh mboten nyarujuki menawi Karmodo menika badhe mbojo kaliyan tiyang cina yaiku Lien Nio.Mbok menawi perjuangan cinta kekalih wau mboten gampang, kathah masalah ingkang kudu diadhepi.

4.      Kayu Dadi Dahuru
Samenika Siau Yung teka dhateng gubug kang biasa di anggeni Ir. Karmodo kangge menehi layang dhateng panjenenganipun. Wonten peristiwa ingkang mboten diduga, Sau Yung nesu amargi kayu ingkang dipun beta dening satunggaling tiyang adol. Tiyang menika yaiku Kastam utusan Karmodo lajeng nyuwun pangapura dening panjenengane. Kayu ingkang dipun beta dening Kastam malah di tumbas dening Siau Yung, dheweke badhe maringi piyambak dhateng Ir. Karmodo, dheweka uga ndawuhi Kastam kangge menehi layangipun dating Karmodo.
Pak Kaudin rawuh, teng mriku tasih wonten Siau Yung, Mandor Lauri lan Rukun. Pak Kaudin nesu marang Lauri lan Rukun anggenipun tiyang kalih punika sampun nentang Ir. Karmodo. Tiyang menika dipundawuhi mbalekake artanipun lan mbeta kayu menika dhateng kalidawir.

5.      Layang Mawa Pamrih
Kastam rawuh ing griyane Ir. Karmodo tabuh 7 enjing. Panjenenganipun ngraos wonten dalan kangge medeki malih sesampunipun peristiwa kang sampun kapungku, yaiku menehi layang saking Siau Yung ingkang dipun titipake marang Kastam. Sasampunipun Ir. Karmodo wangsul saking griyanipun Pak Mujahid, Ir. Karmodo maos layang Siau Yung menika. Sesampunipun maos layangipun lajeng alyang dipun gletak ing panggonan kanggo sare. Karsini penasaran lajeng dipun waos.

6.      Diundha Ing Mega Mendhung
Tan Bian Biau mboten yakin anggenipun Siau Yung menika saged ndawuhi pangandikane.Dheweke nganggep putrinipun sarwa gugup anggenipun tumindhak mangka mboten mboten sanggup ngadepi insinyur ingkang dhuwur wibawanipun.Wektu menika kastam mlebet teng pekarangan Tan Bian Biau, tiyang sedaya ngrembag nasib perusahaan.Lauri kuwatir anggenipun dipeca.Tan Bian Biau ngira anggenipun Lauri dipun pecat dhateng Karmodo.Tan Bian Biau ngendika dhaten Putrinipun Siau Yung dipun restuni bilih Siau Yung nggadihi ubungan kaliyan Ir. Karmodo.

7.      Sarwa Salah Weweng
Saiki Lauri sampun mboten remen malih dados tiyang ingkang kelngan kawibawanipun.Salmah, bojonipun ngendika anggenipun ingkang dibutuhaken lauri menika kepribadian kang digadhahi deneng Lauri.
Lauri dhateng teng gene griya Rukun kangge ngomongi supaya saged nggadahi kerja malih.
Salah suwene Lauri ngraos salah lajeng nyuwun ngapura.Rukun melas dhateng Lauri.
Lauri mboten dipun pecat.Dheweke malah kesuen nggenipun nggadahi gawe anggenipun nandur wit pinus.Lajeng Lauri kesah menyang tegal.

8.      Ketemu Sedulur Lawas
Lien Nio yakin anggenipun Karsini saged ngobati lara atine kang disebabake dening Karmodo, tiyang jaler pujaanipun saniki sampun caket kaliyan adhinipun, Lien Nio ngrelakake.
Siau Yung uga nganggep anggenipun Karmodo tresna marang piyambakipun.Lien Nio nangis anggenipun ningali adhinipun bareng kaliyan Ir. Karmodo. Dheweke mboten kraos anggenipun wonten Honda putih nyedaki, lajeng dipun dawuhi kangge nganter Lien Nio dhateng Parijatah. Tiyang mudha menika nepangaken piyambakipun marang Lien Nio menika Suwaji.Dheweke sampun dangu tepang kaliyan Lien Nio, sebab Suwaji menika kanca Bapakipun, nanging Lien Nio piyambak mboten tetepangan kaliyan Suwaji. Suwaji crita kathah sanget babagan kauripanipun kalian susah marang Lien Nio.

9.      Kepengin Anak
Suwaji crita anggenipun sampun 11 warsa dheweke mbojo kaliyan Muslikatun nanging dereng dipun paring lare. Dheweke mbboten purun pisah kaliyan Muslikatun , Suwaji sempet dados tiyang rusak, dheweke sering metu saka umah.
Sesampunipu Lien Nio miring crita saka Suwaji, akhire Lien Nio nangis ngarep sedaya saged purna. Lajeng nerusake dhateng parijatah, tiyang sedya mirsani sedulur Lien Nio ingkang wonten mrika, nanging mboten mangertos menapa taksih wonten ing mriku. Lajeng tiyang sedaya wau nyuwun pirsa shateng tiyang wonten mriku.

10.  Ora Ketang Dadi Juru Dang
Ing samenika Srmoda nggadahi layang saking Pak Asmauntara, ingkang isinipun layang menika supados Karmodo ngrampungake tugas.Bian Biau ngendika dening Karmodo anggenipun Bian Biau sampun nelasake arta kanggo mbayar kuli. Lajeng Bian Biau nyuwun pagawean dhateng Karmodo lan dipun paring kerja kangge mbikak alas ing kalidawir .Bian Biau remen dhateng pagawean ingkang diparingi Karmodo lajeng dipuncritakaken dhateng Pak Mujahid anggenipun Lien Nio sampun dipun usir saking griya, inggih menika lare ingkang nggadahi bebekten.Anggenipun Lien Nio menika wanita kang dipun idam-idamaken dening Karmodo.

11.  Sing Diluru Sing Ketemu
Dinten menika Karmodo migunakake montor liem kangge madosi Lien Nio.Karmodo mireng saking Bian Biau anggenipun Lien Nio tindak menyang parijatah.Sasampunipun dumugi ing parijatah Karmodo mboten mangertosi seduluripun Lien Nio satunggalipun.Ibunipun Lien NIo sanpun seda. Karmodo nyuwun pirsa dhateng tyang ingkang liwat wonten mriku. Wonten satunggaling tiyang ingkang mangertosi anggenipun wonten griya gadhahane Salmah menika kancanipun mbok kartinah, ibunipun Lien Nio.
Mboten disangka Pak Mujahid wonten dateng griya menika, Karmodo yakin Salmah menika sanes seduluripun Mujahid. Pak Mujahid ngendika anggenipun Lien Nio menika mboten wonten teng griyanipun Salmah. Suwaji wangsul menyang griya sareng kalih Lien Nio, lan Muslikatun nangis anggenipun ningali Suwaji sareng kaliyan Lien Nio.
Lien Nio ngraos sedhih lajeng mbukak jendela kamar lan medal saking griya menika.

12.  Sing Diindhit Kancrit
Sasampunipun Lien Nio medal, Lien Nio ngraos kawatir. Panjenengan mboten mangertos daerah wonten ingkang mriku, lan wektu menika saweg peteng. Lien Nio mboten mangertos anggenipun Karmodo teka menyang griya punika, Karmodo mirsani Lien Nio, Suwaji ngira anggenipun Lien Nio taksih wonten ing griya menika. Samenika Suwaji mlebet dhateng papanipun Lien Nio,Suwaji gumun amargi Lien Nio sampun mboten wontening papan kuwi, Muslikatun nyritakake sacetha-cethane menawi Lien Nio kabur saking griya, lajeng Karmodo wangsul.

13.  Mancing Pangeling-eling
Bian Biau gumun samenika lemah babatan dipun suwun dening Karmodo, menawi lemah menika hak karmodo.Suwe-suwe Bian Biau gerah lajeng seda.Sadurunge seda, pesen dateng Lien Nio anggenipun Lien Nio menika dipun Utus ngurusi perusahaan bapakipun. Lajeng Lien Nio dados direktur teng perusahaan menika,nanging mboten kersa patepangan kaliyan Karmodo, menawi anggenipun Karmodo taksih ngarep-ngarep Lien Nio.

14.  Aja Lamur Dening Pupur
Ing Liem nekani griyane Lien NIo, Ing Liem ngendika anggenipun karmodo dipun demonstrasi dhateng warga.
Warga pengen nyuwun tegal ingkang dipun jabel dening bapak Lien Nio.
Lien Nio teka,warga rame, dikira Lien Nio badhe mbela warga,nanging mbela Karmodo, sawise didawuhi bubar dening Lien Nio warga padha bubar. Wektu menika Karmodo ngraos lepatipun sanget dhateng Lien Nio,nganti nangis. Nanging kekalihe taksih padha-padha tresnane,mangka kekalihe rangkulan kaliyan nangis.    

Ing dalem novel tunggak-tunggak jati,kawontenan alur yaiku alur MAJU. Menika kabukten anggenipun Karmodo ingkang saking putranipun abdi dalem ngantos saged dados insinyur ingkang kuasa.
Lien Nio ingkang sampun tresna marang Karmodo salawasipun 10 warsa, ingkang mboten purun dhateng bapakipun, nanging akhire nggih bareng lan di setujui marang bapak.

Bia biau ingkang licik badhe ngrebut panguasaning gadhahane Karmodo, nanging akhire Bian Biau seda ananging gerah ,lajeng Lien Nio dados manager ing perusahaan bapakipun, lajeng nyatu kaliyan Ir. Karmodo.

Sabtu, 29 November 2014

Satuan Crita Ngulandara

SATUAN CARIYOS saking NOVEL “NGULANDARA”

Oto ingkang mogok ning tengah bulak jam setengah enem,kang wonten ing oto yaiku priyantun jaler umuripun udakawis seketan taun,lan priyantun estri umur tigang dasa gangsalan taun menawi bojonipun,uga priyantun estri wetawis umur pitulasan taun menawi anakipun. Mogokipun oto wau wonten tengah bulak kaprenah sangandhaping dhusun kledhung,ing wayahe peteng,gremis,lan angin ngidit. Wonten oto ingkang samburinipun lajeng sopir ingkang nduweni tatakrama jangkep mandap saking oto lan mbenerake oto ingkang mogok wau,sasampunipun oto mboten mogok malih priyantun jaler ngulungaken tangan ingkang sampun isi arta nanging sopir wau mboten purun nampeni artanipun.
            Oto ingkang sami bidhal, priyantun tetiga wau bingah,anggenipun otonipun sampun dados lan gumun dhateng sopir ingkang nulungi tetiga priyantun punika, ananging sopiripun mboten urun nampeni arta saking priyantun jaler,lan sopiripun nggadahi tatakrama ingkang jangkep dhateng priyantun punika.
            Ing dinten minggu,wetawis jam wolu enjing Nonya Tiong Hoa dhateng ngasistenan,kala semanten Den Bei Asisten Wedana saweg lenggahan kaliyan ingkang putri kaliyan putranipun wonten ing gadri wingking,sinambi ngunjuk wedang . sesampunipun lenggah sedaya , nyonyah Hien Temanggung kaliyan Raden Ayu Asisten Wedana nglajengaken rembagipun. Saweg rembagan, Raden Bei mangertosi anggenipun sopir ingkang nulungi sopiripun Nyah Hien ,lajeng sopiripun dipun undhang lan ditakoni ing Raden Bei, menawi Rapingun ingkang sampun nulungi raden Bei ing bulak , lan Nyonyah Hien gumun sanget dene Rapingun milih tumut Raden Bei Asisten Wedana tinimbang tumut Nyonyah Oen ingkang boten badhe ngewahaken pamedalipun .
            Rapingun ingkang sampun nderek Raden Bei nggadahi watek bagus banget,beda karo sopir liya-liyane. Samubarang di tandangi,nganti ngresiki lan nata buku-buku ing kantore bapak. Raden Bei nggadahi jaran ingkang apik nanging gemblung, wis ana panegar telu sing di tekakke meksa ora sida nunggang, jaran punik uga sampun di tawarake, anggenipun sinten kemawon inggkang gelem ngingu lan nganggo,ning ora ana sing gelem. Lajeng Rapingun badhe nyobi ngrumat Hel niku nanging mboten purun dhateng Raden Bei.
            Dinten ngahad, Den Bei Asisten Wedana sakaliyan putranipun medal dhateng margi ageng,Rapingun manahipun seneng banget amargi Rapingun badhe nglatih Hel, jaran ingkang gemblung,Rapingun dipun rewangi dhateng Kreta. Hel menika bigar lajeng badhe mbandhang, nanging mboten saged jalaran dadhune kendhali lan witipun sami sentosa sanget,sareng meh dumugi Ngadireja saking katebihan Rapingun sumerep Kreta mlajeng methukaken. Raden Ayu Asisten Wedana mangertosi yen Rapingun numpaki kapal,Raden Ayu kuwatir sanget dhateng Rapingun.
            Amargi Raden Ayu Asisten Wedana saweg radi puyeng,mangka Jeng Tien ingkang ngaturi serat dhateng Bu Mantri Gudhang Magelang. Jeng Tien menika kepleset wektu mlebet dhateng oto lajeng Raden Ajeng Tien lenggah ing ngajeng, Rapingun lajeng minggah ing bak ngajeng sisih tengen, linggihipun mepet nengen amargi netepi tatakrama ananging Raden Ajeng Tien mboten sekeca sumerep patrapipun Rapingun kados mekaten amargi ketingal rekaos sanget. Sasampunipun di kandhani dhateng Raden Ajeng Tien, linggihipun Rapingun mingser wonten ing sawingkingipun setir leres, ketingal sekeca kados adat saben. Sareng ngancing kitha Magelang lan dumugi dhateng griyanipun Den Bei Mantri Gudhang lajeng mandhap saking oto, mlebet teng griyo lajeng padha lungguhan, lan sareng-sareng nonton peken malem ing Alun-alun.
            Ing peken malem Raden Ajeng Tien mboten mangertos dening Resi Brongsong, mangka ibunipun nyritani Raden Ajeng Tien bab Resi Brongsong kanthi cetha. Ing ngriku Raden Ajeng Tien ningali wonten jejaka kali, rambutipun sami madhul-madhul,linggihipun rogeh. Jejaka kalih wau sakedhap-sakedhap ngulataken Raden Ajeng Tien, Raden Ajeng Tien saya ketingal pucet,manahipun trataban,kringetipun kumyus wonten ing bathuk lan gulu. Lajeng Raden Ajeng Tien, sedaya medal saking papan panggonanipun. Boten dangu jejaka kalih wau ugi nututi mlebeting restoran ngriku, saweg radi tentrem ing sajawining restoran wonten swanten pating glembor, ing ngriku Raden Nganten Mantri kaget sumerep Raden Ajeng Tien ketingal pucet sanget, lajeng wangsul dumugi griyanipun Raden Bei Mantri , nanging Raden Ajeng Tien mboten purun ngaso amargi badhe langsung kondur teng griyanipun.
            Lampahing dalan wonten piet montor ingkang mbanteraken lampahipun yaiku jejaka kalih ingkang wonten peken malem,kala wau piet montor kendel, Rapingun kapeksa ngendhekake otonipun, salah sijine jejaka kalih wau yaiku Hardjana yaiku tiyang ingkang tresna dhateng Raden Ajeng Tien semangsa sekolah nganti saprene. Wektu Rapingun badhe minggah ing ot, saking wingking hardjana ngembat tosanipun gligen kaangkahaken ing sirahipun Rapingun. Rapingun nanging oto mlampah mawon, nalika meh dumugi pinggiring kitha Temanggung, lampahipun ndadak lajeng alon kemwon, minggir mangiwa terus kendel. Badanipun Rapingn ketingal lemes, guwayanipun pucet, mripatipun merem. Raden Ajeng Tien mangertosi yen Rapingun sumaput lajeng dipun pijeti dening Raden Ajeng Tien, sasampunipun Rapingun melek tanganipun dipun blebed dening Raden Ajeng Tien.
Rapingun  ngayomi sanget dhateng bendaranipun, ing oto Rapingun matur kalih Raden Ajeng Tien,menawi matur kalih Bapak saha Ibu bilih tanganipun Rapingun kenging slinger. Dumugi Asistenan Raden Ajeng Tien mandhap, oto lajeng kalebetaken ing kandhang,Rapingun terus dhateng patilemanipun. Raden Ajeng Tien criyos dhateng Bapak menawi tanganipun Rapingun abuh kenging slinger.Raden Bei Asisten sekaliyan kaget terus murugi kamaripun rapingun.Samenika Rapingun kaliyan Raden Bei Asisten sakaliyan Raden Ajeng Tien padha mrebes mili.
            Seminggu Rapingun wonten griya sakit, saweg dumugi griya sakit Raden Ajeng Tien miring Rapingun saweg rengeng-rengeng dhandhanggula, rawuhipun Raden Ajeng Tien ngandhani Rapingun badhe diajak Bapak dhateng Sala, nanging Rapingun mboten purun amargi Rapingun purunipun Dhateng Semarang. Raden Ajeng Tien kraos aneh dhateng Rapingun, criyos menawi ibu tampa layangng saka Bu Gedhe Sala kana ingkang lagi sekel banget panggalihe, jalaran putrane siji tur kakung Raden mas Sutanta wis kurang luwih pitung sasi iki lunga saking Sala tanpa pamit, nganti saprene ora ana kabare, Raden Ajeng Tien lajeng menehi potrete Bapak lan Ibu Gedhe, ingkang menika gadhahane rapingun. Lajeng Raden Ajeng Tien maosaken laying saking bu gedhe kangge putranipun. Sasampunipun kandaan kalih Rapingun lajeng raden Ajeng Tien menehi kalung lan mainan jantung kang asli saka kringet Raden Ajeng Tien, sasampunipun kalung dipunanggekaken Rapingun lan Raden Ajeng Tien balik.
            Tigang minggu Rapingun wonten griya sakit, let setengah wulan sawangsulipun saking griya sakit,saya dangu susahipun Rapingun ngrebda, sampun kalih dinten Raden bei Asisten sumerep Rapingun suntrut pasemonipun, badanipun ketingal sajak lungkrah, kala punika Raden Ayu Asisten Wedana tanpa subawa lajeng ngengakaken konten, terus mlebet dumugi nglebet,kaget amargi Rapingun saweg linggih ing patileman,mangku guling,tanganipun kiwa nyanggi pilinganipun,mripatipun ketingal abrit saking wedaling luh ingkang sampun ragi dangu, lajeng rapingun dijak metu saking kamar,di takeni dhateng Raden Bei Asisten Wedana, lajeng Rapingun sumahur menawi Rapingun kengeten dhateng tiyang sepuhipun, sasampunipun crita Rapingun di kongkon niliki sepuhipun teng griyane Rapingun, ing ngriku rapingun pamit dhateng raden Bei Asisten Wedana.
            Kesahipun Rapingun saking griya asistenan ngadiraja dipun getuni dening tiyang sugriya. Sapinten getunipunDen Bei Asisten Wedana sekaliyan tuwin putranipun dene anggenipun nyangoni mboten dipun tampeni,naming kapendet sadasa rupiyah sampun jangkep sewulan,namung Rapingun ngirin layang dhateng Den Bei Asisten Wedana lan Raden Ajeng Tien menawi rapingun mboten dhateng Asisten Ngadireja, amangke raden Ayu Asisten Wedana brebel-brebel ngedalaken luh, Raden Ajeng Tien maos kaliyang kaca-kaca.
            Ing dinten Rapingun alias Raden Mas Sutanta sowan dhateng griyanipun Mantri Guru, lajeng Raden Mas Sutanta omong-omongan kaliyan Den Bei Mantri. Den Bei Mantri Guru pancen saged momong kanca nem sepuh, tur jembar memanahipun , cucrut cecriosanipun. Raden Mas Sutanta ngantos tigang jam wonten mriku,lajeng pamitan, saweg pamitan dhateng priyantun putrid teng wingking, ing ngajeng onten oto mandeg, yaiku Raden Bei Asisten Wedana sekaliyan sowan dhateng Den Bei Mantri Guru. Raden Mas Sutanta medal saking dalem lajeng tetepangan kaliyan Den Bei Asisten wedana kaliyan Raden Ajeng Tien, laajeng Raden Mas Sutanta dipun rangkul ananging Den Bei Guru namung nylinguk-nylinguk ananging mboten mangertos punapa-punapa.

            Ing dinten senen jam wolu enjing wonten oto mlampah dumugi kawedanan ing kedhungwuni , oto kaenggokaken dhateng plataran sakiwaning pandhapi, ing oto menika yaiku Raden Mas Sutanta lan ugi Raden Ajeng tien. Den Bei methukaken dhateng plataran, samenika Raden Mas Sutanta kaliyan Raden Ajeng Tien sampunu dados garwanipun,lan saniki Raden Ajeng Tien saweg ngidam. 

Jumat, 28 November 2014

Sejarah Nandi

NANDI 

Nandi punika Bethara sing ngemu peran penting ing Hindu Pantheon Sawijining jaminan bisa dadi zoomorfis ( kéwan) disebut vrsabha putih. Nandi iku kendaraan utawa kendaraan Gusti Shiva , bebarengan karo Mahakala ing tugasé gerbang Swarga Gusti Shiva lan Dewi Parken . Ing puranas buku utawa Nandikeswara Nandi punika cow putih karo manungsa ciri awak pasrahaken 4 ( papat ), tangan loro nyekeli mburi parasu ( kapak ) lan Murga , Mrga ( kidang ); nalika liyane loro tangan ing añjalihastamudra utawa añjalimudra sikap , sikap ibadah . Piyambakipun dados kang melu salèh Gusti Shiva .
Nandi lair saka ing sisih tengen awak Gusti Wisnu lan Gusti Shiva meh podho . Dijupuk racun Gusti Shiva metu kang tutuk lan ambruk ing lemah lan dijupuk dening Nandi , Nandi punika Shiva theriomorphic wangun. Mulane Nandi tak perhiasan / ornamen kayata patung merdika ( dewekan ). Ing anthropomorphic wangun Nandisa , jeneng Shiva kanca ( Sivaduta ). Piyambakipun nglambangaké kesuburan. Sadurunge aliran Shiva muncul ing agama Hindu ora depictions saka Bull.
Sak peradaban Dravidian (3500-1500 SM) padha lan masyarakat agrarian , padha wis diterangake ing sapi . Ing budaya Mesopotamian , ing Dosa Bethara punika Bethara sing lunar ( rembulan ) kang kadhangkala manifested ing wangun saka sapi . Ing kuna peradaban ing Asia Kulon bantheng punika simbol saka ' lunar ' ( simbol digandhengake karo rembulan ) amarga pikire meh podho karo wangun sungu karo wangun Crescent rembulan.
Ing budaya saka ' paleo - Oriental , sapi dadi sapi sungu symbolism lan migunani pasukan wis luwih akeh. Miturut Frobenicus , ireng sapi wis apa karo simbol saka donya pati. Dadi yen ana raja mati, bakal diselehake ing coffin shaped kaya bantheng (kaya ing upacara magis ing Bali) .
Ing kuna Mesir lukisan , ana gambar saka ireng Bantheng kang nindakake Rajaputri ing mburi. Sapi iku simbol saka sesambungan utawa titik utawa transisi wilayah antarane unsur geni lan banyu unsur simbole link antarane langit lan bumi. Sapi lanang banget emblem , simbol saka rama . Ing perkembangannnya Bantheng dianggep minangka simbol saka Dewi Basa lan pareng supaya matèni .
Ing wektu Wedda wiwit 1500 SM 500 SM kéwan Bantheng wis digunakake ing emblem ketuhanan . Dewi Pratiwi panguwasa bumi minangka dicekak ing cow. Minangka panguwasa dewa langit Dyaus nglambangaké bantheng ing . Gusti Allah rudra ing salah sawijining aspèk punika Bethara sapi lan daya.
Ing Rgweda , piyambakipun dianggep wong sing njaga kewan lan manifested minangka sapi . Nandi Shiva tegese wewayangan ing alam energi. Pungkasanipun sapi iki diajeni dhewe lan dhewe ing diarcakan candhi kaya ing Jainath ( Uttarpradesh ), kuil Vaisnata , Khajauraho ( kidul India) .

Nandi dikenal minangka asal njaga Shiva kanthi jeneng buku Braddharadadharma Viraka Ing puranas , Nandi Shiva dikenal minangka helpers , Tantu Panggelaran , ing pawujudan minangka kasebut Nandi bantheng ing pamindahan crita Gunung Mahameru Jawa kareben kanggo nambah beban ora rocking pulo Jawa , sawisé Bethara ngatur kanggo mindhah Mahameru , Guru Brahma menehi menyang Hamsa putih, Gusti Wisnu Garuda ngolehake , lan gain Vrsaba putih iúwarà .

Kamis, 27 November 2014

Tradisi Nyadran ing Kabupaten Boyolali

Tata Cara Upacara Nyadran Ana Ing Kabupaten Boyolali

            Sadranan utawa Nyadran yaiku rangkean kegiatan keagamaan sing wis dadi tradisi sing dilakoni ing wulan syakban ( Ruwah ) sadurunge wulan ramadhan ( Puasa ).Tradisi iki arupa upacara ngresiki kuburan utawa ziarah kubur sadurunge pasa .Tradisi Nyadran wis umum dilakoni masyarakat Indonesia .Masyarakat Jawa nglakoni tradisi nyadran tujuane kanggo menehi pakurmatan marang arwah leluhur ,kerabat,utawa sedulur sing wis mati.
            Nalika Jaman biyen upacara iki isih gunaake jajan panganan-panganan sing ora enak dipangan ,kayata : Daging mentah,dedeh ( getih pithik )lan kluwak.Ananging sawise para ulama utawa para wali sanga teka ing tanah jawa ,lajeng budaya iku kacampuran piwulang islam sing luwih ana hubungane karo gusti pangeran.Jajan iku mau diilangi amarga tradisi iku wis akulturasi karo agama.Sadranan ing desa Sukobumi dilaksanaake nalika tanggal 16 wulan ruwah.Upacara iki ditekani ratusan wong ,ana sing saka desa iku lan luar kitha.
            Tata cara Sadranan ing kabupaten Boyolali diwiwiti awit jam 5 isuk ,lajeng warga nekani kuburan Puroloyo utawa kuburan gunung.Kaliyan padha gawa alat-alat resik-resik kayata sapu,arit lan sajenise.Ing kono acara pisanan yaiku Ngresiki kuburan,ing kono para warga badhe ngresiki kuburan kanthi cara mbubuti suket, mbabat alang-alang, ngresiki lumut,utawa nyaponi kuburan para leluhure.Sawise bibar acara sapisan iku mau acara kapindo yaiku acara donga sing dipimpin pak kyai, acara diterusake jam 9 isuk.Ing jam iku warga padha nekani kuburan maneh nanging saiki warga gawa bekal sing beda karo mau.
Atusan warga sing teka padha gawa atusan “tenong”, wadah panganan bentuke bulet bunder digawe saka anyaman pring.Sing diiseni panganan lajeng digawa tumuju kuburan.Atusan tenong sing isine panganan iku mengko arep di barisake ana ing kuburan kanggo didongani lajeng diwenehake kanggo kabeh para warga sing teka ana ing kunu.Sadurunge acara tukar tenong ana acara donga lan pengajian.

            Acara pungkasan yaiku acara kenduren sing dilaksanaake ana ing kuburan,mesjid utawa ana ing omah .Sawise tata cara kabeh iku kaleksanan lajeng para warga biasane silaturahmi ing omah para sadulur lan kerabat .