SATUAN CARIYOS saking NOVEL
“NGULANDARA”
Oto ingkang mogok ning
tengah bulak jam setengah enem,kang wonten ing oto yaiku priyantun jaler
umuripun udakawis seketan taun,lan priyantun estri umur tigang dasa gangsalan
taun menawi bojonipun,uga priyantun estri wetawis umur pitulasan taun menawi
anakipun. Mogokipun oto wau wonten tengah bulak kaprenah sangandhaping dhusun
kledhung,ing wayahe peteng,gremis,lan angin ngidit. Wonten oto ingkang
samburinipun lajeng sopir ingkang nduweni tatakrama jangkep mandap saking oto lan
mbenerake oto ingkang mogok wau,sasampunipun oto mboten mogok malih priyantun
jaler ngulungaken tangan ingkang sampun isi arta nanging sopir wau mboten purun
nampeni artanipun.
Oto
ingkang sami bidhal, priyantun tetiga wau bingah,anggenipun otonipun sampun
dados lan gumun dhateng sopir ingkang nulungi tetiga priyantun punika, ananging
sopiripun mboten urun nampeni arta saking priyantun jaler,lan sopiripun
nggadahi tatakrama ingkang jangkep dhateng priyantun punika.
Ing
dinten minggu,wetawis jam wolu enjing Nonya Tiong Hoa dhateng ngasistenan,kala
semanten Den Bei Asisten Wedana saweg lenggahan kaliyan ingkang putri kaliyan
putranipun wonten ing gadri wingking,sinambi ngunjuk wedang . sesampunipun
lenggah sedaya , nyonyah Hien Temanggung kaliyan Raden Ayu Asisten Wedana
nglajengaken rembagipun. Saweg rembagan, Raden Bei mangertosi anggenipun sopir
ingkang nulungi sopiripun Nyah Hien ,lajeng sopiripun dipun undhang lan
ditakoni ing Raden Bei, menawi Rapingun ingkang sampun nulungi raden Bei ing
bulak , lan Nyonyah Hien gumun sanget dene Rapingun milih tumut Raden Bei
Asisten Wedana tinimbang tumut Nyonyah Oen ingkang boten badhe ngewahaken
pamedalipun .
Rapingun
ingkang sampun nderek Raden Bei nggadahi watek bagus banget,beda karo sopir
liya-liyane. Samubarang di tandangi,nganti ngresiki lan nata buku-buku ing
kantore bapak. Raden Bei nggadahi jaran ingkang apik nanging gemblung, wis ana
panegar telu sing di tekakke meksa ora sida nunggang, jaran punik uga sampun di
tawarake, anggenipun sinten kemawon inggkang gelem ngingu lan nganggo,ning ora
ana sing gelem. Lajeng Rapingun badhe nyobi ngrumat Hel niku nanging mboten
purun dhateng Raden Bei.
Dinten
ngahad, Den Bei Asisten Wedana sakaliyan putranipun medal dhateng margi
ageng,Rapingun manahipun seneng banget amargi Rapingun badhe nglatih Hel, jaran
ingkang gemblung,Rapingun dipun rewangi dhateng Kreta. Hel menika bigar lajeng
badhe mbandhang, nanging mboten saged jalaran dadhune kendhali lan witipun sami
sentosa sanget,sareng meh dumugi Ngadireja saking katebihan Rapingun sumerep
Kreta mlajeng methukaken. Raden Ayu Asisten Wedana mangertosi yen Rapingun
numpaki kapal,Raden Ayu kuwatir sanget dhateng Rapingun.
Amargi
Raden Ayu Asisten Wedana saweg radi puyeng,mangka Jeng Tien ingkang ngaturi
serat dhateng Bu Mantri Gudhang Magelang. Jeng Tien menika kepleset wektu
mlebet dhateng oto lajeng Raden Ajeng Tien lenggah ing ngajeng, Rapingun lajeng
minggah ing bak ngajeng sisih tengen, linggihipun mepet nengen amargi netepi
tatakrama ananging Raden Ajeng Tien mboten sekeca sumerep patrapipun Rapingun
kados mekaten amargi ketingal rekaos sanget. Sasampunipun di kandhani dhateng
Raden Ajeng Tien, linggihipun Rapingun mingser wonten ing sawingkingipun setir
leres, ketingal sekeca kados adat saben. Sareng ngancing kitha Magelang lan
dumugi dhateng griyanipun Den Bei Mantri Gudhang lajeng mandhap saking oto,
mlebet teng griyo lajeng padha lungguhan, lan sareng-sareng nonton peken malem
ing Alun-alun.
Ing
peken malem Raden Ajeng Tien mboten mangertos dening Resi Brongsong, mangka
ibunipun nyritani Raden Ajeng Tien bab Resi Brongsong kanthi cetha. Ing ngriku Raden Ajeng Tien ningali wonten jejaka kali, rambutipun sami
madhul-madhul,linggihipun rogeh. Jejaka kalih wau sakedhap-sakedhap ngulataken
Raden Ajeng Tien, Raden Ajeng Tien saya ketingal pucet,manahipun
trataban,kringetipun kumyus wonten ing bathuk lan gulu. Lajeng Raden Ajeng
Tien, sedaya medal saking papan panggonanipun. Boten dangu jejaka kalih wau ugi
nututi mlebeting restoran ngriku, saweg radi tentrem ing sajawining restoran
wonten swanten pating glembor, ing ngriku Raden Nganten Mantri kaget sumerep
Raden Ajeng Tien ketingal pucet sanget, lajeng wangsul dumugi griyanipun Raden
Bei Mantri , nanging Raden Ajeng Tien mboten purun ngaso amargi badhe langsung
kondur teng griyanipun.
Lampahing
dalan wonten piet montor ingkang mbanteraken lampahipun yaiku jejaka kalih
ingkang wonten peken malem,kala wau piet montor kendel, Rapingun kapeksa
ngendhekake otonipun, salah sijine jejaka kalih wau yaiku Hardjana yaiku tiyang
ingkang tresna dhateng Raden Ajeng Tien semangsa sekolah nganti saprene. Wektu
Rapingun badhe minggah ing ot, saking wingking hardjana ngembat tosanipun
gligen kaangkahaken ing sirahipun Rapingun. Rapingun nanging oto mlampah mawon,
nalika meh dumugi pinggiring kitha Temanggung, lampahipun ndadak lajeng alon
kemwon, minggir mangiwa terus kendel. Badanipun Rapingn ketingal lemes,
guwayanipun pucet, mripatipun merem. Raden Ajeng Tien mangertosi yen Rapingun
sumaput lajeng dipun pijeti dening Raden Ajeng Tien, sasampunipun Rapingun
melek tanganipun dipun blebed dening Raden Ajeng Tien.
Rapingun ngayomi sanget dhateng bendaranipun, ing oto
Rapingun matur kalih Raden Ajeng Tien,menawi matur kalih Bapak saha Ibu bilih
tanganipun Rapingun kenging slinger. Dumugi Asistenan Raden Ajeng Tien mandhap,
oto lajeng kalebetaken ing kandhang,Rapingun terus dhateng patilemanipun. Raden
Ajeng Tien criyos dhateng Bapak menawi tanganipun Rapingun abuh kenging
slinger.Raden Bei Asisten sekaliyan kaget terus murugi kamaripun
rapingun.Samenika Rapingun kaliyan Raden Bei Asisten sakaliyan Raden Ajeng Tien
padha mrebes mili.
Seminggu
Rapingun wonten griya sakit, saweg dumugi griya sakit Raden Ajeng Tien miring
Rapingun saweg rengeng-rengeng dhandhanggula, rawuhipun Raden Ajeng Tien
ngandhani Rapingun badhe diajak Bapak dhateng Sala, nanging Rapingun mboten
purun amargi Rapingun purunipun Dhateng Semarang. Raden Ajeng Tien kraos aneh
dhateng Rapingun, criyos menawi ibu tampa layangng saka Bu Gedhe Sala kana
ingkang lagi sekel banget panggalihe, jalaran putrane siji tur kakung Raden mas
Sutanta wis kurang luwih pitung sasi iki lunga saking Sala tanpa pamit, nganti
saprene ora ana kabare, Raden Ajeng Tien lajeng menehi potrete Bapak lan Ibu
Gedhe, ingkang menika gadhahane rapingun. Lajeng Raden Ajeng Tien maosaken
laying saking bu gedhe kangge putranipun. Sasampunipun kandaan kalih Rapingun
lajeng raden Ajeng Tien menehi kalung lan mainan jantung kang asli saka kringet
Raden Ajeng Tien, sasampunipun kalung dipunanggekaken Rapingun lan Raden Ajeng
Tien balik.
Tigang
minggu Rapingun wonten griya sakit, let setengah wulan sawangsulipun saking
griya sakit,saya dangu susahipun Rapingun ngrebda, sampun kalih dinten Raden
bei Asisten sumerep Rapingun suntrut pasemonipun, badanipun ketingal sajak
lungkrah, kala punika Raden Ayu Asisten Wedana tanpa subawa lajeng ngengakaken
konten, terus mlebet dumugi nglebet,kaget amargi Rapingun saweg linggih ing
patileman,mangku guling,tanganipun kiwa nyanggi pilinganipun,mripatipun
ketingal abrit saking wedaling luh ingkang sampun ragi dangu, lajeng rapingun
dijak metu saking kamar,di takeni dhateng Raden Bei Asisten Wedana, lajeng
Rapingun sumahur menawi Rapingun kengeten dhateng tiyang sepuhipun,
sasampunipun crita Rapingun di kongkon niliki sepuhipun teng griyane Rapingun,
ing ngriku rapingun pamit dhateng raden Bei Asisten Wedana.
Kesahipun
Rapingun saking griya asistenan ngadiraja dipun getuni dening tiyang sugriya.
Sapinten getunipunDen Bei Asisten Wedana sekaliyan tuwin putranipun dene
anggenipun nyangoni mboten dipun tampeni,naming kapendet sadasa rupiyah sampun
jangkep sewulan,namung Rapingun ngirin layang dhateng Den Bei Asisten Wedana
lan Raden Ajeng Tien menawi rapingun mboten dhateng Asisten Ngadireja, amangke
raden Ayu Asisten Wedana brebel-brebel ngedalaken luh, Raden Ajeng Tien maos
kaliyang kaca-kaca.
Ing
dinten Rapingun alias Raden Mas Sutanta sowan dhateng griyanipun Mantri Guru,
lajeng Raden Mas Sutanta omong-omongan kaliyan Den Bei Mantri. Den Bei Mantri
Guru pancen saged momong kanca nem sepuh, tur jembar memanahipun , cucrut
cecriosanipun. Raden Mas Sutanta ngantos tigang jam wonten mriku,lajeng
pamitan, saweg pamitan dhateng priyantun putrid teng wingking, ing ngajeng
onten oto mandeg, yaiku Raden Bei Asisten Wedana sekaliyan sowan dhateng Den
Bei Mantri Guru. Raden Mas Sutanta medal saking dalem lajeng tetepangan kaliyan
Den Bei Asisten wedana kaliyan Raden Ajeng Tien, laajeng Raden Mas Sutanta
dipun rangkul ananging Den Bei Guru namung nylinguk-nylinguk ananging mboten
mangertos punapa-punapa.
Ing
dinten senen jam wolu enjing wonten oto mlampah dumugi kawedanan ing
kedhungwuni , oto kaenggokaken dhateng plataran sakiwaning pandhapi, ing oto
menika yaiku Raden Mas Sutanta lan ugi Raden Ajeng tien. Den Bei methukaken
dhateng plataran, samenika Raden Mas Sutanta kaliyan Raden Ajeng Tien sampunu
dados garwanipun,lan saniki Raden Ajeng Tien saweg ngidam.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar