Tata Cara Upacara Nyadran Ana Ing Kabupaten
Boyolali
Nalika Jaman biyen upacara iki isih
gunaake jajan panganan-panganan sing ora enak dipangan ,kayata : Daging
mentah,dedeh ( getih pithik )lan kluwak.Ananging sawise para ulama utawa para
wali sanga teka ing tanah jawa ,lajeng budaya iku kacampuran piwulang islam
sing luwih ana hubungane karo gusti pangeran.Jajan iku mau diilangi amarga
tradisi iku wis akulturasi karo agama.Sadranan ing desa Sukobumi dilaksanaake
nalika tanggal 16 wulan ruwah.Upacara iki ditekani ratusan wong ,ana sing saka
desa iku lan luar kitha.
Tata cara Sadranan
ing kabupaten Boyolali diwiwiti awit jam 5 isuk ,lajeng warga nekani kuburan
Puroloyo utawa kuburan gunung.Kaliyan padha gawa alat-alat resik-resik kayata
sapu,arit lan sajenise.Ing kono acara pisanan yaiku Ngresiki kuburan,ing kono
para warga badhe ngresiki kuburan kanthi cara mbubuti suket, mbabat
alang-alang, ngresiki lumut,utawa nyaponi kuburan para leluhure.Sawise bibar
acara sapisan iku mau acara kapindo yaiku acara donga sing dipimpin pak kyai,
acara diterusake jam 9 isuk.Ing jam iku warga padha nekani kuburan maneh
nanging saiki warga gawa bekal sing beda karo mau.
Atusan warga sing teka
padha gawa atusan “tenong”, wadah panganan bentuke bulet bunder digawe
saka anyaman pring.Sing diiseni panganan lajeng digawa tumuju kuburan.Atusan tenong
sing isine panganan iku mengko arep di barisake ana ing kuburan kanggo
didongani lajeng diwenehake kanggo kabeh para warga sing teka ana ing kunu.Sadurunge
acara tukar tenong ana acara donga lan pengajian.
Acara
pungkasan yaiku acara kenduren sing dilaksanaake ana ing kuburan,mesjid utawa
ana ing omah .Sawise tata cara kabeh iku kaleksanan lajeng para warga biasane
silaturahmi ing omah para sadulur lan kerabat .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar