Alur ing Novel Tunggak-tunggak Jati
1.
Insinyur
muda
Wonten gubug ing sajroning alas jati ingkang gundhul.
Ing ngriku kawontenan insinyur Karmodo.
Saweg ngentosi setnggaling tiyang, tiyang ingkang
tenggo menika teka ngangge montor ingkang naminipun Kaudin kepala mandher
wonten daerah mriku. Sedaya tiyang wau ngrembag babagan tetaneman lan
pengelolaan lemah bekas alas gundhul menika kangge warga dinas. Wonten tiyang
cina Tan Bian Biau medal saka oto Holden, ingkang disusul dening mandor Lauri.
Ningali Tan Bain Biau Ir. Karmodo mlebet dhateng gubug lan tiyang cina menika
mboten yakin nggenipun Karmodo menika insinyur muda ingkang panguasa tanah
babatan menika. Karmodo matur anggenipun petak ingkang dereng dipun tanemi
menika gadhahane Tan Bian Biau, lan petak ingkang sampun ditanem menika
gadhahane Karmodo piyambak. Ananging Tan Bian Biau mboten saruju anggenipun
Karmodo nyampuri urusanipun, sesampunipun Karmodo lajeng wangsul.
Mandhor Lauri ngendika dhaten Tan
Bian Biau menawi Ir. Karmodo menika luwih kuasa tinimbang kancanipun.Lajeng Tan
Bian Biau ngraosaken tumindhak ala rumiyin menika lepat.
2. Tunggak
Jarak Mrajak
Samdumuginipun dhateng griya Tan
Bian Biau madosi putrinipun, yaiku Lien Nio kangge ngedeki Karmodo. Tan Bian
Biau ingkang mboten nyarujuki anggenipun Lien Nio kaliyan Ir. Karmodo, nanging
seniki dipun restuni kangge mundhut petak ingkang dikuasani dening Ir.
Karmodo.Lien Nio mboten ngawigatosaken bapakipun lajeng madosi Siau yung adhi
Lien Nio kangge mbiyantu.Lien Nio kraos sedhih amargi wedi anggenipun Ir.
Karmodo bakal tresna marang adhinipun.
3. Ati
Lanang
Satekane Ir. Karmodo ing kalidawir, panjenengane dados perhatian dening
tiyang sanes.Ir. Karmodo menika putra saking Pak Karsonto, putranipun abdi
dalem ingkang kesah salawas 10 warsa.Lajeng panjenengane kondur kaliyan mbeto
pangkat yaiku insinyur ingkang kasa. Bapak lan Ibunipun saweg aweh pitutur
kanggo Karsini, menika putra kaping kalih anggenipun mboten saruju Krsini mbojo
kaliyan tiyang cina yaiku Ing Liem. Anggenipun Karmodo piyambak mboten nglarang
anggone Karsono mbojo kaliyan Ing Liem, merga Karmodo uga bakal mbantah
anggenipun tiyang sepuh mboten nyarujuki menawi Karmodo menika badhe mbojo
kaliyan tiyang cina yaiku Lien Nio.Mbok menawi perjuangan cinta kekalih wau
mboten gampang, kathah masalah ingkang kudu diadhepi.
4. Kayu
Dadi Dahuru
Samenika Siau Yung teka dhateng gubug kang biasa di anggeni Ir. Karmodo
kangge menehi layang dhateng panjenenganipun. Wonten peristiwa ingkang mboten
diduga, Sau Yung nesu amargi kayu ingkang dipun beta dening satunggaling tiyang
adol. Tiyang menika yaiku Kastam utusan Karmodo lajeng nyuwun pangapura dening
panjenengane. Kayu ingkang dipun beta dening Kastam malah di tumbas dening Siau
Yung, dheweke badhe maringi piyambak dhateng Ir. Karmodo, dheweka uga ndawuhi
Kastam kangge menehi layangipun dating Karmodo.
Pak Kaudin rawuh, teng mriku tasih wonten Siau Yung, Mandor Lauri lan
Rukun. Pak Kaudin nesu marang Lauri lan Rukun anggenipun tiyang kalih punika
sampun nentang Ir. Karmodo. Tiyang menika dipundawuhi mbalekake artanipun lan
mbeta kayu menika dhateng kalidawir.
5. Layang
Mawa Pamrih
Kastam rawuh ing griyane Ir. Karmodo tabuh 7 enjing. Panjenenganipun
ngraos wonten dalan kangge medeki malih sesampunipun peristiwa kang sampun
kapungku, yaiku menehi layang saking Siau Yung ingkang dipun titipake marang
Kastam. Sasampunipun Ir. Karmodo wangsul saking griyanipun Pak Mujahid, Ir.
Karmodo maos layang Siau Yung menika. Sesampunipun maos layangipun lajeng
alyang dipun gletak ing panggonan kanggo sare. Karsini penasaran lajeng dipun
waos.
6. Diundha
Ing Mega Mendhung
Tan Bian Biau mboten yakin anggenipun Siau Yung menika saged ndawuhi
pangandikane.Dheweke nganggep putrinipun sarwa gugup anggenipun tumindhak
mangka mboten mboten sanggup ngadepi insinyur ingkang dhuwur wibawanipun.Wektu
menika kastam mlebet teng pekarangan Tan Bian Biau, tiyang sedaya ngrembag
nasib perusahaan.Lauri kuwatir anggenipun dipeca.Tan Bian Biau ngira anggenipun
Lauri dipun pecat dhateng Karmodo.Tan Bian Biau ngendika dhaten Putrinipun Siau
Yung dipun restuni bilih Siau Yung nggadihi ubungan kaliyan Ir. Karmodo.
7. Sarwa
Salah Weweng
Saiki Lauri sampun mboten remen malih dados tiyang ingkang kelngan
kawibawanipun.Salmah, bojonipun ngendika anggenipun ingkang dibutuhaken lauri
menika kepribadian kang digadhahi deneng Lauri.
Lauri dhateng teng gene griya Rukun kangge ngomongi supaya saged nggadahi
kerja malih.
Salah suwene Lauri ngraos salah lajeng nyuwun ngapura.Rukun melas dhateng
Lauri.
Lauri mboten dipun pecat.Dheweke malah kesuen nggenipun nggadahi gawe
anggenipun nandur wit pinus.Lajeng Lauri kesah menyang tegal.
8. Ketemu
Sedulur Lawas
Lien Nio yakin anggenipun Karsini saged ngobati lara atine kang
disebabake dening Karmodo, tiyang jaler pujaanipun saniki sampun caket kaliyan
adhinipun, Lien Nio ngrelakake.
Siau Yung uga nganggep anggenipun Karmodo tresna marang piyambakipun.Lien
Nio nangis anggenipun ningali adhinipun bareng kaliyan Ir. Karmodo. Dheweke
mboten kraos anggenipun wonten Honda putih nyedaki, lajeng dipun dawuhi kangge
nganter Lien Nio dhateng Parijatah. Tiyang mudha menika nepangaken piyambakipun
marang Lien Nio menika Suwaji.Dheweke sampun dangu tepang kaliyan Lien Nio,
sebab Suwaji menika kanca Bapakipun, nanging Lien Nio piyambak mboten
tetepangan kaliyan Suwaji. Suwaji crita kathah sanget babagan kauripanipun
kalian susah marang Lien Nio.
9. Kepengin
Anak
Suwaji crita anggenipun sampun 11 warsa dheweke mbojo kaliyan Muslikatun
nanging dereng dipun paring lare. Dheweke mbboten purun pisah kaliyan
Muslikatun , Suwaji sempet dados tiyang rusak, dheweke sering metu saka umah.
Sesampunipu Lien Nio miring crita saka Suwaji, akhire Lien Nio nangis
ngarep sedaya saged purna. Lajeng nerusake dhateng parijatah, tiyang sedya
mirsani sedulur Lien Nio ingkang wonten mrika, nanging mboten mangertos menapa
taksih wonten ing mriku. Lajeng tiyang sedaya wau nyuwun pirsa shateng tiyang
wonten mriku.
10. Ora
Ketang Dadi Juru Dang
Ing samenika Srmoda nggadahi layang saking Pak Asmauntara, ingkang
isinipun layang menika supados Karmodo ngrampungake tugas.Bian Biau ngendika
dening Karmodo anggenipun Bian Biau sampun nelasake arta kanggo mbayar kuli.
Lajeng Bian Biau nyuwun pagawean dhateng Karmodo lan dipun paring kerja kangge
mbikak alas ing kalidawir .Bian Biau remen dhateng pagawean ingkang diparingi
Karmodo lajeng dipuncritakaken dhateng Pak Mujahid anggenipun Lien Nio sampun
dipun usir saking griya, inggih menika lare ingkang nggadahi
bebekten.Anggenipun Lien Nio menika wanita kang dipun idam-idamaken dening
Karmodo.
11. Sing
Diluru Sing Ketemu
Dinten menika Karmodo migunakake montor liem kangge madosi Lien
Nio.Karmodo mireng saking Bian Biau anggenipun Lien Nio tindak menyang
parijatah.Sasampunipun dumugi ing parijatah Karmodo mboten mangertosi
seduluripun Lien Nio satunggalipun.Ibunipun Lien NIo sanpun seda. Karmodo
nyuwun pirsa dhateng tyang ingkang liwat wonten mriku. Wonten satunggaling
tiyang ingkang mangertosi anggenipun wonten griya gadhahane Salmah menika
kancanipun mbok kartinah, ibunipun Lien Nio.
Mboten disangka Pak Mujahid wonten dateng griya menika, Karmodo yakin
Salmah menika sanes seduluripun Mujahid. Pak Mujahid ngendika anggenipun Lien
Nio menika mboten wonten teng griyanipun Salmah. Suwaji wangsul menyang griya
sareng kalih Lien Nio, lan Muslikatun nangis anggenipun ningali Suwaji sareng
kaliyan Lien Nio.
Lien Nio ngraos sedhih lajeng mbukak jendela kamar lan medal saking griya
menika.
12. Sing
Diindhit Kancrit
Sasampunipun Lien Nio medal, Lien Nio ngraos kawatir. Panjenengan mboten
mangertos daerah wonten ingkang mriku, lan wektu menika saweg peteng. Lien Nio
mboten mangertos anggenipun Karmodo teka menyang griya punika, Karmodo mirsani
Lien Nio, Suwaji ngira anggenipun Lien Nio taksih wonten ing griya menika.
Samenika Suwaji mlebet dhateng papanipun Lien Nio,Suwaji gumun amargi Lien Nio
sampun mboten wontening papan kuwi, Muslikatun nyritakake sacetha-cethane
menawi Lien Nio kabur saking griya, lajeng Karmodo wangsul.
13. Mancing
Pangeling-eling
Bian Biau gumun samenika lemah babatan dipun suwun dening Karmodo, menawi
lemah menika hak karmodo.Suwe-suwe Bian Biau gerah lajeng seda.Sadurunge seda,
pesen dateng Lien Nio anggenipun Lien Nio menika dipun Utus ngurusi perusahaan
bapakipun. Lajeng Lien Nio dados direktur teng perusahaan menika,nanging mboten
kersa patepangan kaliyan Karmodo, menawi anggenipun Karmodo taksih
ngarep-ngarep Lien Nio.
14. Aja
Lamur Dening Pupur
Ing Liem nekani griyane Lien NIo, Ing Liem ngendika anggenipun karmodo
dipun demonstrasi dhateng warga.
Warga pengen nyuwun tegal ingkang dipun jabel dening bapak Lien Nio.
Lien Nio teka,warga rame, dikira Lien Nio badhe mbela warga,nanging mbela
Karmodo, sawise didawuhi bubar dening Lien Nio warga padha bubar. Wektu menika
Karmodo ngraos lepatipun sanget dhateng Lien Nio,nganti nangis. Nanging
kekalihe taksih padha-padha tresnane,mangka kekalihe rangkulan kaliyan nangis.
Ing dalem novel
tunggak-tunggak jati,kawontenan alur yaiku alur MAJU. Menika kabukten
anggenipun Karmodo ingkang saking putranipun abdi dalem ngantos saged dados
insinyur ingkang kuasa.
Lien Nio ingkang sampun tresna marang
Karmodo salawasipun 10 warsa, ingkang mboten purun dhateng bapakipun, nanging
akhire nggih bareng lan di setujui marang bapak.
Bia biau ingkang licik badhe ngrebut
panguasaning gadhahane Karmodo, nanging akhire Bian Biau seda ananging gerah
,lajeng Lien Nio dados manager ing perusahaan bapakipun, lajeng nyatu kaliyan
Ir. Karmodo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar