Udan wayah sore
ricik-ricik swara tibane banyu
langit katon ireng petheng sawangane
dalan sepi nyenyet kayata kuburan
adem hawane, atis amarga angin
Swasana sore iki gawe kelingan
esemanmu kang manis yen disawang
saiki ing ngendi awakmu
ilang kaya godhong kagawa angin
apa iya kowe ileng aku
apa iya kowe kangen aku
udan wayah sore iki kanggo nutupi
tetes eluh sing ing pipi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar