Selamatan Selapanan
Selamatan iku
duweni teges acara syukuran ,tradisi,utawa ritual sing dilakoni masyarakat jawa
kanthi cara ngundang para kadang sanak sadulur utawa tangga teparo.Selamatan
uga dikenal masyarakat jawa kaliyan jeneng utawa istilah , Bancaan yaiku
upacara sedekah panganan amarga hajat leluhur. Bisa uga Kenduren utawa kenduri
yaiku upacara sedekah panganan amarga salah sawijining wong wis intuk
rezeki utawa berkah kaya sing dadi pangarepe wong iku mau.
Sanajan panyebute
wong siji baka siji iku beda-beda nanging jenis-jenise selamatan iku ora beda
adoh.Jenis-jenis selamatan iku akeh banget kayata sing ana hubungane
karo kauripan yaiku kelairan,mantenan,lan mati.Sing ana hubungane karo urip
yaiku ganti jeneng, pindah omah,mari saka lara terus selamatan utawa jenenge
selamatan marga uni,lsp.Sing ana hubungane karo donya kaya selamatan
nyadran,memetri desa,sedekah laut,lsp.Sing ana hubungane karo agama lan budaya
kayata suranan,lsp.
Jenise upacara
selamatan kelairan iku ana jenenge selamatan sadurunge kelairan bayi lan
selamatan sawise kelairan bayi. Selamatan sadurunge kelairan bayi iku ana
selamatan syukur yen ngandot, ngapati,lan tingkeban utawa mitoni.Yen selamatan
sawise jabang bayi lair iku ana jenenge selamatan
babaran,sepasaran,selapanan,tedhak sinten,sunat,lan weton utawa wetonan tekan
mengko selamatan mantenan.
Ing kene bakal
luwih dijlentrehake lan dibahas selamatan kelairan yaiku selamatan selapanan
bayi.Selamatan selapanan yaiku selamatan utawa bancaan selapanan bayi sing
dilakoni nalika 35 dina sawise laire bayi iku mau.Kanthi tujuan nyuwun
keselamatan kanggo jabang bayi,lan supaya bayi bisa dadi anak pinter,manut wong
tuwa,sholeh sholekhah.Selamatan nalika ana ing dina ke 35 iki dina lair jabang
bayi iku mesthi bakal dibaleni maneh .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar