Budaya Mantenan ing Agama Khong Hu Cu
Upacara
mantenan iku wis umum dilakoni marang kabeh umat ,cara mantenan ana ing
sawijining agama lan agama liyane iku beda-beda.Ana ing budaya jawa lan budaya
liyane uga beda ,ana kene bakal dirembug tradisi utawa budaya mantenan ing jawa
kanthi cara agama kepercayaan yaiku agama Khong hu cu .Ana ing agama Khong hu
cu mantenan iku diartiake sawijining tugas suci manungsa kang bisa
nglangsungake sejarah urip manungsa lan ngembangake bibit-bibit firman
Thian,Tuhan Kang Maha Esa,sing awujud kabecikan kang netep ana ing jero awake.
Cara
mantenan ing agama khong hu cu ngene urut-urutane :
Sepisan
: adat lan upacara sadurunge mantenan ,kayata ing agama liya lan kayata sing
dilakoni wong jawa yaiku ana tradisi lamaran,sangsit yaiku ing wayah sing wis ditemtoake
temanten lanang utawa kaluwarga kaliyan para sadulur ngeter sakprangkat klambi
lan mas kawin kabeh kudu dibungkus gawa kertas warna abang lan warna emas, uga
dikompliti kaliyan duit susu( ang pauw )lan rong pasang lilin .Ana peningsetan
lan golek dina apik ,suku Tionghoa percaya yen ing sawijining
upacara kudu dingeti dina lan wulane.Biasane kabeh serba enom yaiku :wayahe
sadurunge srengenge pas ing dhuwur sirah,dina miturut itungan wulan Tionghoa
lan wulan kang becik yaiku wulan munggah
utawa nyedaki purnama.
Kapindhone yaiku : nalika
mantenan ana upacara Liaw Tiaa yaiku pesta kanggo sedulur lan
para kanca ana omahe temanten wadon.Upacara mantenan gunaake klambi khusus
mantenan adat Tionghoa.Carane sepisan temanten loro didandani lungguh lan ana
akeh hiasan nglambangake warna abang (Thay ke kilin kanggo temanten lanang lan
hong hong kanggo temanten wadon ).Ana uga upacara jenenge Cio Thau
yaiku upacara mantenan tradisional kaliyan kabeh pernak pernik
upacarane,dianggep syarat syah mantenan ing tradisi Khong hu cu ,lan disebut
upacara sembahyang kanggo ngormati Tuhan,alam,leluhur,wong tuwo lan awake dhewe.
Kasebut Cio Thau tegese
‘ndandani’ rambut utawa sirah, ora ‘ munggah tumuju sirah ‘ marga ing bagian
penting upacara iki. Temanten loro disisir kaliyan ibune ping telu ,ana maknane
sisiran kapisan muga diwenehi jodoh dawa, kapindo rejeki ne akeh lan terakhir
muga anak-anake dadi manfaat.Klambi sing dianggo nalika Cio Thau gawa klambi
upacara wong Tionghoa jenenge klambi ‘ Pao ‘, klambi putih lan
kathok putih kanggo temanten lanang lan
klambi putih kain batik warna dasar abang motif bunder-bunder putih kanggo
temanten wadon,saengga dikenal kaliyan jeneng kain Onde .Lajeng disimpan lan
dianggo maneh wektu dheweke mati.
Lajeng upacara ing
klenteng yaiku upacara kanggo pakurmatan marang Tuhan lan para leluhur.Lajeng wektu
temanten lanang arep maju ing omah temanten wadon ,sadurunge iku diadaake
upacara Khibe : pesta cilik bebarengan kanca lan para sahabat
lajeng temanten mangkat diiringi kaliyan tetabuhan lan dipasangi mercon.Masang
mercon marga suarane kang dimaknai suara bledek,marga siluman wedi karo
bledek.Saengga suara mercon iku maknane kanggo ngusir kabeh setan lan
siluman.Satekane ing omah temanten ,temanten loro mlebu ing kamar temanten sing
ana ing jerone wis ana meja kaliyan 12 macem King Ua yaiku bahan
panganan kang disate lan diatur kaliyan alat-alat khusus.Ing sisihe ,uga ana
akeh panganan kang diatur ing dhuwur meja liya,2 kursi,2cangkir wedang onde,lan
2 mangkok lan sumpite .Sepasang lilin gedhe kang urip dadi hiasan khusus.
Kaping
telune :Ana budaya masyarakat Tionghoa sawise
mantenan bibar ,telung dina sawise mantenan ana budaya kang kasebut upacara Cia
Kiangsay lan Cia Ce’em yaiku budaya ngenalake para sanak
sadulur kaluwarga lanang marang kaluwarga wadon lan uga kaluwarga wadon marang
kaluwarga lanang.Pitung dina sawise mantenan ana budaya tilek sedulur sing isih ana, temanten wadon gawa klambi
cina kang luwih luwes.
Iku mau budaya mantenan ing agama Khong hu cu,
unsur budaya ne nonjol kaya urut-urutane mantenan apa wae barang gawan ,ana
budaya upacara Liaw Tiaa lan Khibe lan unsur agamane uga ana kayata upacara Cio
Thau lan upacara ing Klenteng ‘wis mesthi yen klenteng iku panggonan sembahyang
wong Tionghoa ‘. Budaya lan agama ing kene campur dadi siji bentuk akulturasi
kang apik lan becik .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar