1.
Sinopsis :
Asmarani
Asmarani iku
putrane Pak Nataran, wong kang sugih ing desa Ngombol, sawahe pirang – pirang
bau ambane. Asmarani iku duwe mbakyu kang jenenge yaiku Paerah sing saiki urip
ing kutha Surabaya lan duwe kakang loro . Pak Nataran duweni putra lima telu kakung
lan loro wadon, nanging putra kekalih kakung wis omah – omah karo bojo ne.
Saiki pak Nataran mung duweni tanggungan putra kekalih wadon sing durung ketemu
jodhone, sawahe akih, duite uga akih banget dadi dheweke ora eman – eman yen
mung kanggo nyekolahke putrane.
Pak guru Marsan
iku guru kang isih muda, ingkang mulang ana ing sekolahane Asmarani. Pak Marsan
iku guru kang sregep nyambut gawe, sopan, sumeh, andhap asor marang wong liya,
gelem rekasa urip ing desa. Mula akih bocah wadon kang ngesir pak Marsan,
nanging pak Marsan ora gumun lan ora gelem nglirik. Amarga bocah wadon sing
digoleki pak Marsan iku bocah sing ayu pasuryane, lan saka anake wong kang
sugih .
Yen ana bocah
wadon sing rada klimis nanging wis dikonangi wongtuwane ora sugih, ati lanange
Marsan langsung ora nglirik lan ora milih bocah iku. Ing kene Marsan kepincut
dening ayune Asmarani bocah muride dhewe, pasuryan kang ayu uga tindak – tanduk
lincah lan Asmarani anake pak Nataran wong kang sugih ing desa Ngombol. Kabeh
iku mau gawe guru Marsan tresna karo Asmarani.
Katresnan antarane
Asmarani lan Marsan Satemene prasaja. Ora aneh. Tetembungan wis ana, witing
tresna jalaran saka kulina. Mung wae nylenehe lelakon iki, Asmarani lagi
ngancik umur limalas taun, dene Marsan wolulikur taun. Asmarani iku bocah murid
sd kelas enem, dene Marsan dadi guru kelas enem. Saben isuk leloro mau ketemu.
Wiwitane srawunge amarga kuwajiban, Asmarani teka perlu sekolah lan Marsan
saperlu mulang.
Asmarani kepincut
amarga watake Marsan sing pinter, kalem. Ana ing kelas leloro mau kaya mudha –
mudhi sing lagi mekrok – mekroke atine, ora kaya guru lan murid. Asmarani lan
Marsan saben dino ing sekolahan srawung bareng, geguyonan, sinau bareng. Mula
awit lelorone duwe rasa kepincut, duwe rasa tresna marang siji lan sijine
kekalih mau meneng – meneng mendhem rasa tresna.
Nanging dalane
crita tresna antarane ora mesthi alus, mulus ya marga Asmarani isih bocah yen
digoda Marsan ya mesthi wae nesu. Kaya dene Marsan goda Asmarani nalika dheweke
diakon gawa majalah ananging Marsan blenjani janji marang Asmarani.
Asmarani iku
pancen bocah sing nakal, saben dina gaweane gawe mak Nataran duka. Amarga
disrengeni emake Asmarani menek ing wit dhuwet tujuane supaya mak Nataran ora
weruh lan ora bisa nyekel dheweke. Wektu kuwi ana bocah liwat kulon omahe pak
Nataran pas ngisor wit dhuwet iku, bocah iku langsung mbengok ngeti ana bocah
wadon penekan ana wit. Tarwi jenenge bocah iku, Tarwi iku putrane Kerta mantan
lurah sing saiki dadi kusir dhokar.
Emak Nataran krungu banjur nyrengeni Asmarani ora kaprah. Asmarani
ora trima marga Tarwi dheweke kecekel. Wiwit kedadeyan iku Asmarani ora seneng
marang Tarwi ing sawijining dina dheweke weruh Tarwi lagi mlaku, Asmarani
numpak sepeda banjur ora mikir apa – apa maneh dheweke langsung nubruk Tarwi.
Asmarani terus ngruket gulune Tarwi, digelut.
Ananging Tarwi ora dendam marang Asmarani dheweke malahan apikan
karo Asmarani. Tarwi menehi permen karet marang Asmarani. Asmarani dadi ngrasa
luput marang Tarwi akhire leloro mau sumpah nyampur getih e supaya nebus lupute
Asmarani.
Paerah, anake pak Nataran kang nomer telu mulih. Ancase mulih iku
kanggo jaluk donga wongtuwane yen dheweke arep nikah karo wong Surabaya sing
wis nyambut gawe ana ing Bank. Pak Nataran lan Mak Nataran ora bisa ngalang –
alangi ,mung bisa manut karo anak. Ananging pak Nataran rada ora seneng lan
khawatir amarga bakal bojone Paerah ora sowan ing omahe saperlu nglamar mung
ngomong liwat selembar layang .
Paerah ora kesel anggone yakinke wongtuwane yen Saptadi iku bocah
sing bisa ngemong Paerah, tanggungjawab, lan sregep nyambut gawe. Pungkasane
Paerah diwenehi restu pak Nataran lan mak Nataran. Banjur Paerah mulih bali
Surabaya kanggo nikah lan omah – omah ing kunu melu bojone.
Sejatine biyen Paerah iku bocah dedemenan Marsan nanging amarga
sabibare lulus sd Paerah melu pakdhene sing jenenge Brata. Kanggo nerusake
sekolah ana ing kutha Surabaya. Marsan wis ora wani nyedhaki Paerah amarga
uripe saiki beda adoh saka uripe biyen, saiki ayune ora kaprah, klambine kaya
artis. Mula saiki Marsan wanine nyedhaki Asmarani, bocah sing isih lugu,
trengginas.
Saben dina Asmarani lan Marsan ing jero kelas nglirak – nglirik
antarane siji lan sijine. Ing sawijining dina rasa tresna wis ora bisa
dipendhem maneh, Marsan nembung marang Asmarani yen dheweke iku tresna banget
marang Asmarani lan kepengin dadi tunangane Asmarani. Asmarani langsung makpyoh
atine, dheweke gelem. Wiwit iku lelorone ora isin maneh yen mlaku bareng
sinambi gandengan tangan.
Sesrawungan antarane Asmarani lan Marsan saya rumaket. Sanajan ing
bebrayan kampung ora akih kang meruhi nanging ing atine Marsan lan Asmarani
saya kandel kapercayane yen bakal tekan rabi. Ing pikirane Marsan, Asmarani aja
ngasi ucul maneh kaya Paerah biyen. Yen wis lulus sekolah Marsan duweni karep
bakal naleni nglamar Asmarani kanggo dadi bojone.
Ananging sawise ujian, prei sekolah. Asmarani pamit marang bapak
lan ibune arep menyang Surabaya tilik yu Paerah. Asmarani budal menyang
surabaya dhewe ora ana sing ngancani. Guru Marsan ora ngerti lungane Asmarani,
Asmarani ora pamit karo Marsan. Nalika Asmarani ana ing surabaya Marsan intuk
layang salah kirim saka Makne kandung Asmarani sing ana ing Yogya kang
ditujuake kanggo pak Nataran.
Marsan trataban, atine
mbedhedeg. Ora trima yen Asmarani ora anake pak Nataran sing sugih ora kaprah.
Marsan langsung ora yakin karo Asmarani, dheweke gela marang kahanane Asmarani.
Asmarani budal mulih saka Surabaya nyritaake kahanan mbakyu Paerah sing urip
ing Surabaya kana. Uripe kurang, mlarat, bojone kerjane ora genah. Asmarani uga
ketemu Marsan lan nampa layang saka emake iku mau. Luh netes brebes mili maca
layang iku.
Pak Nataran crita kabeh tentang asal usule Asmarani, Asmarani biyen
lair nalika jaman penjajah walanda. Emak lan bapake Asmarani iku pahlawan
negara, Asmarani lair ana ing Ngombol. Wongtuane ninggal Asmarani ing umahe pak
Nataran supaya Asmarani aman, ora dicekel dening para penjajah. Saiki pak
Nataran ora ngerti alamate wongtuwane Asmarani.
Asmarani banjur mutusake yen dheweke bakal menyang ing kutha Yogya.
Ora peduli kahanan wongtuwane iku mlarat apa sugih, Asmarani bakal ngurus,
ngabdi marang emak kandhunge. Sanajan durung ngerti alamat pastine, nanging
Asmarani bakal terus goleki. Asmarani pamit budhal menyang kutha Yogya.
Marsan wis pasrah marang kahanane, ora pengin maneh urip karo
Asmarani sing sejatine dudu anake pak Nataran. Paerah mulih saka Surabaya,
dheweke pisahan karo bojone. Wiwit iku dina baka dina Marsan ketemu Paerah, lan
tatu lawas, tresna biyen saiki semi maneh. Asmarani saiki aduh saka Ngombol lan
bali apa ora ora ngerti, Marsan lan Paerah mutusake dadi manten lan urip ing
desa Ngombol kunu.
Lelorone gawe omah ana ing siseh omahe pak Nataran, nyambung urip
Marsan dadi guru lan Paerah dadi ibu rumah tangga biasa. Pak Nataran menehi
warisan sing akih kanggo Paerah .
Enem taun kepungkur Asmarani wis dadi prawan sing ayu pasuryane,
apik awake lan resik kulite. Kaya dene bintang film utawa model . Asmarani lan
abdine ibuke sowan dhateng desa Ngombol kanggo ngurus layang kelairan. Kabeh
warga pada kaget lan pangkling ngeti Asmarani sing saiki. Beda banget karo
biyen, saiki kaya wong sugih banget pancen Asmarani saiki sugih.
Asmarani sowan ing omahe pak Nataran lan mbakyu Paerah. Asmarani
uga kaget lan melu seneng ngeti guru Marsan lan yu Paerahe dadi manten lan
saiki wis duwe anak loro. Asmarani uga seneng lan bangga ngeti kanca sing biyen
nyampur gethih karo dheweke yaiku Tarwi wis dadi lurah ing desa Ngombol.
Asmarani ora bisa suwe – suwe ing desa kunu, amarga kudu enggal bali
menyang Yogya kanggo nerusake kuliah. Layang klairan wis ditampa banjur
Asmarani pamit marang kabeh wong desa Ngombol. Asmarani lan utusane ibue bali
menyang Yogya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar