Jumat, 09 Januari 2015

Cerkak " Kebacut Tresna "

KEBACUT TRESNA
Jaman saiki wong sing luwih tua yen tresna marang sing luwih enom satemene prasaja. Tetembungane lumrah, ora aneh. Akeh wong sing dadi manten umure meh tikel pindho bojone. Ning ya ana sing isin utawa gengsi yen kudu pacaran karo sing luwih enom utawa karo adhik kelase. Tresna sejatine ora ngenal umur, tekane rasa tresna iku ora bisa dikira-kira. Bisa marga kulina, bisa marga patemon sapisan banjur tresna ya ana.
Pancen rasa tresna iku endah rasane, wong sing lagi kebacut tresna kaya tetembungan manungsa ilang akale. Kabeh bakal dilakoni mung kanggo sing ditresnani. Wulandari jenengku, bisa kaceluk Wulan. Aku sekolah lungguh ing kelas 3 SMA, umurku lagi ngancik 17 taun. Ibarate kembang sing lagi mekar-mekare, bocah remaja sing isih seneng dolanan karo sing jenenge tresna. Ya marga isih rumangsa ayu, kulit kuning langsat, awak kayata model ing majalah kae, rambut ikel ireng, lambe abang mbranang kaya woh delima.
Akhir taun ajaran, Aku ujian. Bubar ujian banjur wayahe preinan sekolah. Dina ujian kang wekasan, sawise rampung, aku mlayu-mlayu mulih, terus matur Bapak, “Pak, kula sampun bibar ujian, punapa angsal Wulan preinan dhateng daleme Si Mbah ing Kitha Purwodadi punika ?
“Hus, arep karo sapa kowe?”
“Kula wantun piyambak.”
“Bapak durung duwe duit Ndok. Tanduran pari isih ijo durung wayahe panen.”
“Wulan sampun gadah arta sekedhik, wingi kula angsal beasiswa saking sekolah amargi dados murid teladan, Pak ”
“Yen kowe wani dewe, bapak ya mung bisa menehi pangestu. Bapak nitip salam muga si mbahmu kasarasan.”
“Inggih Pak !”
            Esuke jam lima, nalika hawa ing njaba isih ireng, lintang-lintang abyor, Aku wis numpak bis tumuju omahe si Mbah. Kira-kira setengah jam aku wis tekan, banjur aku mudhun saka bis napake sikilku ing lemah kitha Purwodadi.
            “ Si ndok, Wulandari putuku. Kapan tekamu cah ayu ?” saka paturon si mbahku tangi marani aku.
            “Nembe mawon wanci setengah nem wau mbah, pripun panjenengan? Lhak nggih kawarasan ?”
            “Iya Lan. Mbahmu waras. Ayo mlebu !”.
***
Alon-alon aku lan si Mbah mlebu omah. Dina iku papasan karo dina wengi pengetan kamerdekan. Ing desa kunu ana acara wengi pengetan kamerdekan lan acara paring pahargyan lomba pitulasan. Sing dianaake ana ing protelon desa, Aku, fajar, lan ana minangka kanca sd ku biyen teka ing acara iku. Ana acara hiburan orkes dangdut, bengi iku langite katon padang banget. Lintang kerlap-kerlip kaya lampu dolanan, sumilir angin atis banget . Ora dakkira ora dak sangka, aku kepethuk karo Satriya. Bocah kembar, adhi kelasku biyen nalika jaman sd.
Pasuryan bocah iku bagus, manis eseme, kuning langsat kulite, sipit mripate kaya wong cina, sanajan awake rada kuru nanging katon gagah kaya raden janaka. Satemene wiwit biyen aku wis asring sesrawungan karo dheweke nanging biyen isih cilik banget.Saiki atiku dheg-dhegan banter banget, kaya arep mrotoli.
“ Eh, dek wulan, lagi preinan sekolah ta?”
“Iya mas, mas Satriya ora ana job manggung?” jawabku, sanajan tuwa aku setahun nanging aku tetap ngurmati dheweke dakundang mas.
“Lagi ora ana job manggung dek, dadi aku bisa nonton dangdut ing kene lan bisa ketemu karo awakmu.“
“ Alah, mas Triya ki ngrayu, ya luwih ayu penyanyi-penyanyi ta mas.”
“Ayu, tapi aku ora seneng. Urip karo penyanyi iku larang ragade dek. Arep nglanjutke kuliah ana ing ngendi dek ?”
“Durung ngerti mas. Bapak ngangkon ing Purwodadi wae nanging aku pengin ing Kutha Semarang. Aku pengin migunani kanggo wong akih mas.”
“ Ya ing kene wae, ngancani si mbahmu. Yen arep mulih karangrayung ya ora adoh.”
“Inggih mas.”
“Wah Wulan lan Mas Satriya ana ing kene jebul! Mojok ing pojokan panggung.” Fajar teka saka ngarep panggung.
“Apa ta dek fajar? Sapa sing mojok? Mung omong-omong biasa wae!” sambunge Satriya.
“Wis bengi iki, ayo bali lan!” Fajar lan ana geret tanganku.
Bengi iku aku mulih omahe si mbah, arep turu nanging mripat iki angel ora bisa merem, tansah kelingan terus pasuryan bagus ing awang-awang langit kamarku. Nadyan umure setahun luwih enom saka aku, ya mung bocah iki sing gawe atiku dheg-dhegan banter. Pikiranku saya ora ayem, apa iki sing jenenge tresna? Apa salah yen aku tresna karo adhi kelasku? Pangarep-arepku supaya Satriya duwe rasa sing pada.
Rong minggu ora krasa cepet banget, wayahe aku bali menyang karangrayung kanggo nerusake sekolahku. Ora sengaja ana ing jero bis, bocah bagus lungguh ing siseh tengenku. Tak ngeti jebule mas Satriya “Lho mas, arep lunga menyang ngendi ?”
“Arep menyang karangrayung kanggo nglamar awakmu dek!”
“Heleh kowe iki, ora usah guyon wae.”
“Aku arep menyang karangrayung sowan ing pasarean si mbahku ing makam ageng “
“Wah, bisa bareng aku mas. Iku cedhak omahku.”
“Iya aku ya ngerti. Dek Wulan yen wis tekan karangrayung aku intuk dolan omahmu apa ora ?”
“Angsal sanget mas.”
Wiwit patemon wengi kae, aku saya manteb yen aku tresna karo Satriya. Nanging aku ora wani nembung, ora wani ngakoni, aku wedi yen dheweke ora seneng. Apa ya gelem Satriya karo aku? Bocah bagus musisi sisan. Nanging ing jaman saiki ora ana sing ora mungkin, kabeh bisa kaleksanan. Dina setu malem minggu Satriya teka mertamu ing omahku, jam pitu bengi. Dor..dor..dor.. swara montor wis krungu saka adohan, raden janaka numpak motor gawa kaos abang kathok ireng.
Rambut ireng potongan cepak, eseman manis wis katon ana ing ngarep bayanganku.
            “Assalamualaikum dek!”
“Waalaikumsalam mas, ayo mlebu mas!”
“Iya dek, kapan arep mangkat budal ing Purwodadi ? yen sesuk arep bareng aku apa ora ?”
“ Kayane iya sesuk mas. Marga senin wis wiwit kuliah perdana.”
“Ya sesuk numpak bis bareng aku maneh. Dek mas intuk jujur apa ora?”
“Piye mas? Ana apa?”
“Wiwit wengi sapisan awake dhewe kapethuk biyen, ora ngerti jalaran gene aku kelingan karo sliramu terus. Kelingan pasuryan ayumu, eseman manismu, kaleme tindak-tandukmu. Aja ngira yen aku iki lagi ngrayu dek, aku jujur saka jero atiku.”
“Kok bisa ngunu kepriye Mas?”
“Aku ora ngerti sebab musababe dek. Tresna ora bisa dikira-kira dek, tekane ora gawa kabar. Bisa teka saka ngendi wae, bisa teka jalaran ngendi wae.”
“Jujur ya mas, aku ya pada. Aku duwe rasa kaya ngunu marang sampean. Wiwit wengi patemon sapisan antara aku lan kowe, aku ora pernah bisa turu. Bayanganmu mesthi ana ing saben sawanganku. Ning apa ya tresna teka cepet banget ?”
“Yen kowe ragu aku ora bakal maksa awakmu, aku bakal sabar ngenteni.”
“Luwih becike aku lan mas Satriya mlaku disik alon-alon, saling ngenal siji baka siji.”
“Inggih dek.”
Minggu isuk aku lan Satriya bareng menyang tumuju Purwodadi. Kanggo nglanjutake kuliahku ing UT Purwodadi. Ing kana aku urip melu si mbahku, sisan ngrawat si mbah amarga panjenengane wis tuwa.
***
Telung wulan wis kaliwat, aku ngrasa waktu anggone aku lan satriya kekancan wis cukup suwe. Satriya saiki wis rada sibuk, amarga job manggung melu dangdut wis lumayan rame. Wulan besar pancen akih wong sing duwe hajatan mantenan, utawa sunatan. Dina minggu awan aku dolan ing umahe fajar, aku lungguhan ana ing lincak ngarep umahe fajar.
“ Lan, kowe saiki apa ora tau sesrawungan karo mas Satriya ?”
“Kepriye emang jar? Kadang ya srawung, ning saiki dheweke lagi rame job manggunge.”
“Wis jadian durung?”
“Kowe kuwi aneh-aneh wae! Durung ta ya, wong lagi kenal.”
“Wis suwe ngunu kok, ana patang wulanan PDKT ne!”
“Durung jodhoku “
“Wulan, Fajar !! ayo nonton dangdut ing omahe pak lurah apa ora?” saka adohan Ana teka bengok-bengok ngajak menyang omahe pak lurah. Banter-banteran anggone numpak pit.
“Kowe ki durung tekan umahku wis bengok-bengok ora genah ngunu, ora sopan an!”
“Ya maaf Jar, aku arep ngajak nonton dangdut. Amarga pawarta saka bapakku, mas Satriya melu manggung ing kunu. Yen menawa Wulan kepengin weruh dheweke.”
“Ngapusi apa ora kowe An? Yen nyata ayo mangkat menyang rono!”
Aku, Fajar lan Ana numpak motor tumuju omahe pak Lurah. Pancen Ana ora ngapusi, bocah bagus kuwi manggung ana ing kunu. Dak sawang terus pasuryane, eseman manis kuwi sing gawe aku kangen, kelingan esuk, awan lan bengi. Jam lima sore sarampunge dangdute bibar, mas Satriya mudun panggung banjur mlaku tumuju awakku.
“Eh Fajar, Ana, Wulan lagi apa ana kene?”
“Iki lho Wulandari arep ketemu pangerane sing bagus dhewe kaya raden Janaka.” Jawabe Fajar
“Apa ta kowe ki Jar, ngawur banget!”
“Leres mas, Wulan kuwi sing isin-isin.” Ana nambahi omong
“Oh, ya wis ya aku tak mulih omah disik, wis sore.”
Sore kuwi tindak-tanduke Satriya aneh banget, dheweke cuek, ora gubres marang sliraku. Ora ana angin ora ana udan, ora ana panas, sikap sing anget kaya slimut kanggo turu malih dadi atis kaya atise es kutub. Eseman manis kuwi ora dak ngeti sore iku, atiku ora tenang, dheg-dheganku cepet ngluwehi mlakune satelit. Gusti ana apa iki?
***
Ing parkiran pasar Purwodadi nalika aku arep jupuk motor, ora sengaja aku ketemu karo Satriya sing lagi teka arep parkir.
“Mas Satriya arep golek apa ing pasar kene?”
“Tuku manuk.”
“Remen meliara manuk tah?”
“Iya.”
“Mas, aku intuk takon apa ora?”
“Iya. Apa?”
“Mas Satriya punapa nesu karo aku? Aku duwe luput apa marang sampean?”
“Ora ana apa-apa. Kowe sabenere tresna karo aku apa karo kembaranku?”
“Ya karo kowe ta mas?”
“Aja ngapusi! Yen mung gawe dolanan aku, kanthi caramu nyedhaki aku lan kembaranku, aku wae sing ngalah lan mundur.”
“Aku ora ngerti apa maksude sampean? Sapa sing ngomong yen aku ngunu mas?”
“Ora sapa-sapa! Wis aku arep mlebu pasar disik. Aku ora arep hubungi kowe maneh dek, atiku loro!”
Kaya mayit urip aku wektu kuwi, awakku lemes ora duwe daya. Arep nangis nanging ora bisa, atiku loru banget. Awakku bingung kudu piye, nangis batin ati iki. Lagi semi butir-butir tresna saiki kaya wis mati. Sewulan, rong wulan, telung wulan Satriya isih ora ngubungi aku. Yen papasan karo aku dheweke ora gelem ngeti wajahku. Ora awan, ora bengi aku mung kelingan slirane Satriya. Aku ngomong piya-piye dheweke ora percaya, kabeh cara daklakoni supaya Satriya percaya lan ora nesu maneh. Nanging ora tau kasil, sansaya suwe malahan sansaya ngadoh.
Kadang aku wis kesel anggonku yakinke wonge, kadang aku arep nglungani, nglaleke wonge. Nanging sansaya banter anggonku pengin lali aku sansaya tresna karo wonge. Aku loro, awakku panas amarga asring mikir Satriya. Fajar lan Ana sedih ngeti kahananku sing ngunu, banjur kalorone nemoni Satriya.
“ Mas, Wulan saiki lagi loro ana ing omahe si mbahe. Kowe apa ora kepengin ketemu karo dheweke?” Fajar wajahe abang ireng
“Kanggo apa dek aku nemoni Wulan? Aku ora pacare.”
“Kowe ki apa ora ngerti yen dheweke loro marga kangen kowe, mikirke kowe terus, telung wulan suwene wonge mendhem rasa tresna karo kowe, kowe aja egois ngunu mas! Aja gampang percaya marang gosip murahan saka wong liya!” Ana sansaya nesu
“Gosip piye? Kuwi fakta yen Wulandari ki ya tresna karo Andriya.”
“Kowe jarene sapa mas? Aku lan ana iki lho sing wis suwe kekancan karo Wulandari, dheweke ora bakal tresnani wong loro ing uripe. Yen tresna wong siji ya siji.”
“Sejatine ya Andriya sing ditresna!”
“Dak kandhani ngeyel, kowe ya mas sing ditresna Wulan. Ing hp, ing kamare mung akih fotomu. Kanca kuliahe akih sing bagus rupane ya mung kowe sing ana ing pikirane. Iki buktine! Ngeti fotone sapa ing hp iki!” Ana menehake hpne Wulan sing sengaja digawa supaya dadi bukti.
Satriya meneng krungu omonge kalorone, lan mentheleng ora kedep nalika ngeti hpne Wulan. Arep mili luh saka pipine, ning ditahan karo tanganne. Satriya ora nyangka yen Wulan nganti kaya ngunu tresnane marang slirane.
“Iya, saiki aku percaya. Aku arep jaluk ngapuro karo Wulan.”
“Sing becik ya ngunu iku mas, Percaya karo Wulan yen wonge ki kebacut tresna karo awakmu.”
Satriya,  Fajar lan Ana bareng-bareng tumuju ing omahe si mbah. Cara sing dinggo kancaku mau bisa gawe Satriya percaya.
“Assalamualaikum dek Wulan!”
“Waalaikumsalam!”
“Nyuwun sewu mbah, kula badhe wonten perlu kalihan Wulan, punapa wonten dek wulanipun?”
“Eh cah bagus Satriya, rene mlebu Le! Wulan ana jero.”
“Sinten ingkang rawuh mbah?” aku mudun saka paturonku
“Dek Wulan, ngati-ati dek. Kowe loro apa? Kok bisa kaya ngene kepriye?” Satriya banjur nyedak aku
“Inggih mas maturnuwun, ora apa-apa aku mas. Masuk angin biasa wae.”
“Mbok ya jujur dek, Fajar lan Ana wis crita kabeh karo aku. Aku jaluk ngapura ya! Yen wingi-wingi aku akih luput karo kowe. Aku ora percaya karo kowe, saiki aku wis yakin lan percaya.”
“Iya mas, aku ora nyalahke kowe. Sing wis biyen ya wis ben, saiki lalike wae anggep wae biyen piwulang kanggo kene kabeh.”
“Iya dek, satemene aku biyen tekan saiki isih tresna karo kowe dek.”
“Jantungku biyen arep ucul mas, nalika sampean nesoni aku suwene telung wulan.”
“Mas jaluk ngapura ya dek, saiki aku ora bakal nesu maneh. Kowe rak isih gelem dadi pepujan atiku toh?”
“Inggih mas, wiwit biyen aku wis ngenteni wektu iki”
“Saiki aku lan sliramu kudu jaga rasa tresna iki, kedadeyan biyen anggep wae pacobaning tresna dek. Aja loro maneh dek, cepet mari!”
“Iya mas, suwun!”

Ora bisa dijelaske karo apa wae dina iku atiku seneng banget. Aku ora ngira yen Satriya bakal ngucap tresna karo aku. Wiwit kuwi aku lan dheweke pacaran lan ngucap janji setya. Ora rugi anggonku ngenteni wonge, pancen kekuwatan tresna bisa ngalahake gedhene pacobaning tresna. Tresna antarane aku lan Satriya bakal dak jaga nganti mbesok. Dina-dina ku ing Purwodadi dadi tambah endah amarga ana pepujaning ati. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar