Serat Riyanta
Wonten Serat Riyanta
punika kacarios menawi ing nagari Surakarta wonten priyantun luhur, asmanipun
pangeran Notosewojo. Pangeran punika gadhah putra naminipun raden mas Riyanta.
Wiwit raden mas Riyanta umur enem taun, dheweke ditinggal seda kaliyan
ramanipun. Lajeng namung dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden mas Riyanta
sanget dipuntresnani dening ibunipun. Menawi sampun umur pitung taun,
raden mas Riyanta di pindah wonten ing Semarang. Wonten Semarang punika raden
mas Riyanta ndherek pamanipun, asmanipun raden mas Tondowidjojo. Woten mriku,
raden mas Riyanta kadidik dados jejaka ingkang bagus polah tingkahipun.
Ibunipun remen sanget menawi gadhah anak tunggal ingkang bagus rupanipun
kaliyan polahipun, dados ibunipun nuruti sakkabehanipun katurutane raden mas
Riyanta.
Ngantos umur
kalihdasa, raden mas Riyanta dereng gadhah estri ingkang ditresnani. Mula,
ibunipun tansah was-was. Banjur ibunipun ngengken raden mas Riyanta kangge
golek tiyang estri kangge didadosaken bojonipun. Nanging raden mas Riyanta
dereng purun, banjur ngulur-ulur waktu kaliyan ngendika menawi dereng wonten
tiyang estri ingkang ditresnani. Raden mas Riyanta tasih kepengin golek
pengalaman kangge kauripan punika.
Kala semanten,
nuju ing wanci serap surya raden mas kaliyan raden mas durjat, inggih
mitranipun katemuan. Raden mas Durjat ngajak raden mas Rjanto kangge tindak
dateng ngalun-alun ningali kumidi Hradu. Wonten mriku malah kebakaran wong-wong
pada playon kangge nylametaken awake dhewe-dhewe. Nalika badhe kandur, raden
mas ditabrak kaliyan lare estri ingkang umuripun kinten kawan welas taun. Lare
punika nangis sarwisa sarubat ngupadosi tiyang sepuhipun menawi kata lingsut.
Amargi melas, raden mas Riyanta banjur ngeteraken wangsul. Nalika badhe
diteraken wangsul bocah wau malah ngilang, amargi sampun ketemu kaliyan tiyang
sepuhipun. Nanging raden mas Riyanta dereng ngertos namanipun bocah wau. Raden
mas Riyanta tresna kaliyan estri punika. Saking kumidi, raden mas Riyanta
banjur wangsul dateng dalemipun. Wonten dalem, ibunipun malah badhe njodhoaken
raden mas Riyanta. Amargi boten purun bab jejodhohan punika, raden mas Riyanta
banjur tindak menyang Boyolali. Menawi sampun radi adhem, raden mas
Riyanta banjur wangsul wonten dalemipun.
Akhiripun, raden mas
Riyanta ketemu kaliyan tiyang estri ingkang wonten ing kumidi. Inggih punika
raden ajeng Srini. Raden ajeng Srini punika putrinipun kyai Pamrayoga, ingkang
uwakipun raden mas Riyanta. Raden mas Riyanta remen sanget kaliyan raden ajeng
Srini, nanging raden mas Riyanta boten wani ngomong. Lajeng, raden ajeng Srini
badhe di jodhoaken kaliyan jaler saking Rembang. Amargi kuciwoa kaliyan bab
punika, raden mas Riyanta lajeng ndamel lukisan gambaripun raden ajeng Srini.
Ibunipun raden mas Riyanta banjur tindak dateng wonten ing dalemipun kyai
Pramayoga, menawi badhe tanglet bab perjodhohan punika. Nanging ulem-ulem
punika boten leres. Lajeng ibunipun raden mas Riyanta banjur nembung raden
ajeng srini kangge didadosaken menantu. Raden mas Riyanta kaliyan raden ajeng
Srini mantenan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar