Isbat
Isbat yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan
mawa surasa tartamtu. Isbat awujud racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu
teges entar lan ngemu ‘pasemon’. Tembung ‘isbat’ tegese ‘katetepan’. Isbat
saemper paribasan, tegese lumereg marang filsafat lan pasemon. Lumrahe dianggo
istilah, konsep, utawa kredho ing ngelmu tasawuf, makripat, filsafat kejawen,
utawa idheologi ‘sangkan paran’. Tuladha:
golek
banyu apepikulan warihGolek geni adedamar.
Kodhok ngemuli lenge.
Nggoleki galihing kangkung.
Nggoleki isining bumbung wungwang.
Nggoleki susuhing angina.
Nggoleki tapaking kuntul nglayang.
Nggoleki wekasaning langit.
lsp.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar