Kamis, 08 Januari 2015

Pawarta

Kue Lapis Legit Saking Ketela Pohong Pikantuk Juara I Pasang-giri Kreasi Dhaharan Non Wos


Kue lapis legit saking ketela pohong kasil pikantuk kajuaran I pasang-giri damel kreasi kudapan saking non wos ingkang dipun adani dening Dharma Wanita Persatuan (DWP) Kabupaten Bantul, mapan ing Pendapa Parasamya Bantul, dinten Jum'at, 3 Oktober 2014.Kue lapis legit saking ketela pohong minangka juara I kasebat minangka asil kreasinipun DWP Unit Bappeda Bantul kanthi biji 885, wondene juara II asil karyanipun DWP Unit DPRD Bantul kantihi biji 874, juara III asil karyanipun DWP Unit Dinas Pendidikan Menengah dan Non Formal Kabupaten Bantul kanthi biji 870, juara IV saking DWP Kecamatan Srandakan kanthi biji 860, juara V saking DWP Kecamatan Sewon kanthi biji 842, lan minangka juara VI saking DWP Kecamatan Bantul kanthi biji 828.
            Midherek palapuran panitia ingkang dipun aturaken dening Ny. Trisaktiana bilih pasang-giri kanthi pasarta 36 kelompok saking utusan SKPD, saben kelompok kalih piyantun kanthi asil olahan ingkang dipun masak saking griya salajengipun kacawisaken wonten papan lumampahipun pasang-giri.Ny. Trisaktiana mratelaaken bilih ancasipun pasang-giri menika kagem nggladhi kreativitas anggota DWP Kabupaten Bantul damel maneka warni dhaharan saking non wos kanthi asil ingkang dipun remeni dening sedaya kulawarga.
            Kepara wekdal sakmenika kathah jajanan lare ing sekolah utawi ideran ingkang sadean jajanan kanthi kacampuran bahan kimia ingkang mbebayani kasarasan. Pramila pasang-giri menika badhe saged caos wawasan tumrap anggota DWP ingkang saged dipun gethok tularaken dumateng warga masyarakat sakiwa-tengenipun supados para bakul anngenipun sadean jajanan kedah jajanan ingkang sehat.Minangka juri pasang-giri wonten tiga piyantun inggih menika Agus Sugiyono (Chef Hotel Melia Purosani), Drs. Purwati, S.Pd. (SMKN I Sewon), Sylfi Agung, ST. saking Ngayogyakarta. (dal)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar