Senin, 05 Januari 2015

Fungsi Pengrawit lan Sinden



Fungsi Pengrawit lan Sinden

            Pengrawit iku asale saka tembung rawit,kang ateges rumit utawa ana hubungane kaliyan hal alus. Tembung pengrawit uga asring kasebut nayaga utawa yaga kang ateges semedi.Pengrawit biasane gawa klambi kain,beskap ladhung,blangkon,utawa kerisan kaliyan beskap krowok.Yen acarane santai biasane gawa klambi batik utawa klambi sopan.
            Sinden utawa penyanyi wadon kang kasebut waranggana.Sinden gawa klambi adat jawa utawa klambi kaya penyanyi campursari.Biasane yen ana yaga iku mesthi ana sinden,kalorone ora bisa dipisahake ana ing karawitan.
Fungsi pengrawit lan sinden
            Pengrawit utawa yaga duweni fungsi utawa guna utama ing karawitan utawa ana ing pagelaran wayang kulit.Yen ana ing wayang kulit ana lakon mesthi ana selingane yaiku gendhingan kanggo wates saben pathet utawa mung kanggo panglipur.Yaga gunane yaiku nabuh gamelan kanggo ngasilake gendhingan kang becik.Yaga kudu bener lan trep anggone nabuh gamelan supayane gendhingane jumbuh kaliyan lakon sing di pentasake.
            Yen salahsawijinig yaga keliru anggone nabuh gamelan mangka bisa salah kaprah gendhingane utawa pagelaran wayange.Mangka pengrawit utawa yaga duweni fungsi sing penting ana ing karawitan lan pagelaran wayang kulit, yen ora ana unsur iki mangka ora ana tabuhan gendhing kang kanggo panglipur pamiyarsa.
            Sinden nalika ing jaman biyen fungsine yaiku kanggo panglipur pagelaran wayang kulit .Ing karawitan sinden kanggo nembangake gendhing-gendhing supaya luwih apik lan pamiyarsa bisa ngerti maksud isi gendhing yen ditembangake.Guna sinden iku sabenere kanggo panglipur,kanggo nembangake gendhing.
            Sinden kudu duweni swara apik lan lantang supaya nalika nembangake gendhing bisa apik lan trep.Sinden lan yaga ora bisa kapisah, kabeh duweni fungsi penting ana ing pagelaran wayang kulit sawise dalang lan lakon.Ana ing jaman saiki sinden duweni fungsi dadi primadona utawa dadi wong wadon sing di puja-puja ana ing pagelaran wayang kulit marga swarane sing apik lan pasuryane sing ayu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar