Kamar Kos Omah Nomer Loro Ku
Ana
ing Gang Waru,jarake kira-kira 1 km saka kampus FBS aku ngekos utawa kasebut
mondhok. Jenenge kos ku yaiku Kos Pink, ing kos pink cacahe kamar ana 12.
Kasusun saka kos ngisor lan kos duwur, kamar kos ku ana ing duwur. Kamar ku ana
ing tengah-tengah, ukurane kamar kira-kira 3x3 m.Ana jendhela lan lawang ,ing
jero kamar ku uga ana amben lan kasur loro, ana lemari siji,meja siji lan kursi
siji,lampu kang padhang bisa nerangi wayah peteng ing wengi lan ana stopkontake
ing siseh tengene lawang kanggo ngecas hp, laptop,utawa nyetrika. Kabeh prabot
mau kasusun kanthi rapi lan apik.
Kadhangkala
amben kang kokoh lan kasur kang empuk bisa ngurangi rasa kesel ku amarga
ngampus wiwit isuk nganti sore. Ora ana kipas angin ing jero kamar ku, nanging
sanadyan mung jendhela,nalika awan ora gawe awak sumuk, lan nalika wayah wengi
wis bisa gawe atis ing awak . Sanadyan ora anyar nanging meja lan kursi kang
rada apik ana ing kamar iku bisa digunakake sinau garap tugas-tugas saka
dhosen.
Cet
tembok werna pink bisa nambahi kaendahan kamar ku, meneh i swasana kalem,alus
kanggo kang manggoni kamar iku. Prabot-prabot kasusun rapi ana ing panggonane
dhewe-dhewe , kayata buku ya dilebokake ana ing rak buku, klambi ya ana ing
lemari, tas lan sepatu sendal ya ana ing panggon dhewe. Dadine kamar kos ku ora
katon semprawut ambrul adul, saben dino aku utawa kanca sekamar ku sregep
ngresiki apa kang katon reged ,sing bisa gawe aku lan dheweke ora betah ing
kono.
Amarga
saiki kamar kos ku dadi omah nomer loro sawise omahe bapak lan ibu kang ana ing
desa ,dadi aku kudu bisa betah manggon ing kono supaya anggone golek ilmu lancar.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar